Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 99

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 099/

jeng dandos ; cara kakung asikep peḍang tamsir ; medal saking pakuwon ; tindak ijen karsa nyalamur ; mubeng ; amriksani jajahan ing redi ; anyenyuwé brangtanipun ; ḍateng ingkang raka ; wontĕn margi ngambat ; medal ereng erenging ardi dipun turut minggah ; panggalihipun sang prabu putri ; bok menawi wontĕn panḍitanipun ingkang maratapa ; mokal bilih wontĕn margi ; boten wontĕn tiyangipun ; sang prabu putri pancen wanter ing,galih ; ḍasar sampurna ulah de damel ; mila boten kagungan miris lelampah dalu ; ijen ; antawis saonjotan tindakipun sang prabu putri ; ing lambunging arti ka tingal kelip kelip wontĕn damaripun ; enggal dipun prepegi ; rawuh sangajenging guwa ; sumerep panḍita taruna bagus respati saweg nungku puja semedi ; sang prabu ; kendel boten sabawa ; kaliyan amaspaosaken warninipun sang panḍita ; seḍeng sang panḍita kendel panungkunipun ; salebeting galih eram dené wontĕn panḍita taksih nem neman gentur mara tapa ; punapa ; ingkang dipun kajengaken ; sang prabu ngalem salebeting galih ; "bagus ; temenan panḍita iki ; kang takerami ; ora entek entek olehé jibles karo kang lunga andon ; apabaya ; ḍeweké mawiku ana kene?" sasampunipun sang g panḍi