Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 98

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 098/

danguné tindakipun sang prabu putri ; boten pikantuk titik karisakan ing ḍusun ḍusun tuwin paḍukuhan ; sadaya sami katingal reja ; pakaranganipun aḍenḍeng ; angestokaken parentahipun umbul sarta paragakipun ; nalika punika tindakipun sang prabu putri ; kadalon wontĕn sukuning ardi rancakaharni ; ḍateng pasanggrahan taksih tebih ; mila lajĕng masang moṭa wontĕn ing riku ; seraping srengenge ; ginantosan paḍanging rembulan ; nuju tanggal kaping wolu sitaresmi remu remu kalingan ngregemenging mega cemeng apinḍa reksasa ; kados angangkah ; baḍé mangsa rembulan ; lepat ; tujunipun ingkang apinḍa pragalba ; rembulan oncat ; ḍawah ing mega peṭak ; prabanipun sigar ; salong anyoroti siluk siluking jejurang ; kados wewayanganipun ; sawer tapak angin ; obahing gegoḍongan katempuhing angin kados pangawening astanipun satriya ingkang kawelas asih ; anenangi brangtanipun sang prabu putri kengetan ḍateng ingkang raka sang pangéran warihkusuma ;  ;

samirana midit ; kabekta ; gandaning sekar kemuning ; campur kaliyan sekar kalak angremet galihipun sang prabu putri ; sang nata ; boten sareh ing galih ; la