Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 90

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 090/

ra prajurit ; muntab kekendalanipun ; gambira lag manah ; whaling baris ; adaledeg kados toya medal saking rong ; ambrol ; kados enggal enggala anglarudaken bala ing tuban ; gentos kacariyos nagari ing tuban ; panjenenganipun prabu warihkusuma sampun miḍanget pawartos yen ing paḍukuhan sumbereja wontĕn kraman ; gegununganing kraman ; anakipun mantu kyai ageng wulusan ; dados prajurit kinawasa ; sekti mandraguna ; saged manjing ajurajer ; sarta misuwur saged damel mas ore ; kasugihanipun angungkuli para ratu sugih ; ingkang misuwur ing jagad ; sarta kasugihanipun wau ; dipun wradinaken ḍateng para kawulanipun ; mila kawulanipun sami 4jrih asih ; sarta setya tuhu ngiḍep saparentahipun ; lajeng miyos siniwaka ; pepak ingkang wadyabata ; kyai patih ; sampun wontĕn ing ngajengan ; sang prabu adangu ḍateng kyai patih ; "bapa ; apa kang dadi wartané ing jabs?" "kawula ; nuwun gusti ; wontĕn kraman ageng ; ing paḍukuhan sumbereja ; angeram eramaken ; enggalipun sage