Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 89

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 089/

geng bawahanipun ; ngantos pinten pinten dinten pasamuwaning panganten ; nelasaken suka parisuka ; sasampuning kawandasa dinten ; raden udakawimba sakaliyan ingkang rayi dewi senḍang ; nyuwun rilah ingkang rama bibi misah baḍé angengeni kaḍaton wangunan sapucáking ardi ; ingkang rama ; saha ingkang bibi ; inggih anglilahi kalayan suka pirenaning galih ; kacariyos ; raden udakawimba lestantun mukti wibawa ; nanging salebeting galih ; dereng marem yen dereng males ukum ḍateng ingkang uwa ; raden udakawimba ; sampun dangu kaklempak bala ; adamel prajurit suralodra ; asikep tameng ; towok ; surapanglawung ; asikep waos ; surawarastra ; asikep jemparing ;

surapawaka ; asikep sardata ; suradahana ; nyepeng mariyem ; surapati ; prajurit sinelir ; sadinten dinten tansah ingulik kasudiran sarta kawanteraning perang ; sasampuning mateng ḍateng wewadi panumnsing gelar sarta sesampunipun samekta ; punapadené sasantpunipun kagalih kawawi lumawan mengsah prajurit ing tuban ; raden udakawimba ; lajĕng aḍeḍawuh ngluruk ḍateng nagwi tuban ; sariranipun ; dados senapatining perang ; aniriḍibi baris ; pa