Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 87

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 087/ kapriyé ; engger? kang kagawé milawan ; mungsuh ratu abanḍabanḍu misuwur kaprawirane?" "rama ; punika sampun kula kawekani sarta kula boten wangwang ḍateng kasektenipun sang prabu ; angaben ; wuleding kulit atosing balung ; tuwin pamasanging byuha panangkeping satru ; kula ; boten baḍé wingwrin utawi mundur sajangkah" ; engger ; aku ora liwat amung adongakaké katekané apa sasedyamu ; kajaba iku engger ; sarehning kowé isih lamban sarta wis mangsa rabi ; apa ora prayoga kowé nganggo garwa? miliha ; anaké para rangga ; demang ngabehi ; endi ; kang kosenengi ; mengko takḍoḍogé lawange ; takrewangi suku jaja ateken janggut karo pamananmu si pangulu ; olehku arep ngrabekaké marang kowe" ; "sakalangkung ; panuwun kula ; rama ; sih mulé sampeyan

ḍateng kula ; ila ila punapa ; ingkang kula panggih manawi kula boten matur satemenipun ; kula ; matur ; ing ngajeng kula boten gaḍah cipta baḍé rabi ; tebih ; ningali ḍateng wanodya endah ; ananging ; sareng kula sumerep ḍateng citranipun yayi senḍang ; manah kula kagiwang ; mila pareng boten parenga ; putra