Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 86

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 086/

pun poncoting tapih ; kelab kelab kados werdu gangga ; lumampah ing wanci dalu ; nanging ; teka dados usada ; boten malah dados wisuna ageng adamel dados rontag sarta rujiding galihipun sang pangéran ; lebedipun ing penepen ; raden udakawimba sampun katingal ananḍang brangta ; kenging sambanging putri lelampah ; ingkang rama agrahita ; peṭuk kaliyan karsanipun ; ing batos ; baḍé panantunipun kados boten madal sumbi ; ingkang rama ; gita anapa," raden ; nganti lawas temen ora ngenḍang enḍangi mulih" "inggih ; rama ; amargi saking kaṭahipun padamelan ingkang kula kajengaken ; sarta kedah kula leresaken piyambak ; ing mangké saking pangestu sampeyan prasasat sampun rampung aparipurna" "sukur ; engger ; nanging pangrunguku ; gonmu yasa omah angimba imba kaḍaton sarta beteng samono ambané iku ; apa ora nuw uhaké dukané sang prabu ing tuban? ginalih ; yen kowé sumedya balela ing ratu?" "prakwis punika rama ; mugi sampun kagalih ; ḍasar sampun kula niyadaken ; amemengsahan kaliyan ratu ing tuban ; awit ; punika satru kula" "