Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 68

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 068/

sayekti layu, bali marang ananira, yeku sampurnaning pati ; ana manuk bango buṭak, lamun ngenḍog neng ngenṭak enṭak sepi, dené kalamun jinupuk ; juga obah sadaya, kang kadyeku awang awang uwung uwung, kang dinumuk nora kena ; aneng jagad anglimputi ; suwungku amengku ana, kang winengku hudara lawan angin, hudara nora lumaku, angin katon lumampah,

awit saka kasorodan sang hyang banu ; bisa nangekaken panas ; hudarobah dadya angin ; cublak suweng suwengira, si gelenter mambu ketunḍung munḍing ; empak empong lira4iru ; iyeku swasananta, mlebu metu ingaranan lira4iru, ing suwung kang mengku ana, mungguh sajroning aurip ; cebol arsa nggayuh lintang, janma lumpuh bisa ngideri bumi ; angen angen jatinipun ; ian maneh ingkang wisma, kang tan mambu gegaman apa liripun ; iytku ciptaning manah ; nganakken rupaning panti ; beda ingkang aran wisma, dudu wisma yektiné suwungneki, lawan malih sualipun ; endi guru sanyata, tan ywan angen angenira wit amengku ; pangadilan among raga ; jaksa panguluji ; lan maneh ki bale atma,