Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 67

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 067/

wih panasing dahana, ian srengengé piné paḍanging ati ; sumeblak nora kebendung ; déning ima manampak, lawan malih pralambang galihing kangkung ; iku hawa datan obah ; ngeḍem sajroning ginaib ; susuh angin ngendi gennya, upadinen ing dalil kuran nguni, wa ladahu wa karibun ; min kibaril waritta, gusti allah reraketan dunungipun, ian rasa nikmat mupangat ; aneng gon ingkang winadi ; kusuma anjrah ing tawang, pinḍa kombang angajab taweng sepi, iku tirtaning kemungu,

lamun teḍuh kawuryan, lir angganing kapuk kataman ing bayu, mratani madyaning jagad ; iki pralambang hartati ; lan maneh sambungé kata, sinukarta rinambahaken malih ; koḍok ngemuli lengipun ; raga mangka canṭuka, aneng ngerong yeku nyawa isbatipun, karsané kang karya gita ; raga angemuli urip ; kang rangka manjing curiga, munggeng jawi isbaté ponang ragi, yeku anglungguhi suwung ; mangka lamun supena, antuk jaman sayektiné nora metu, upama bisa umahya, murud marang tepet suci ; ranḍu alas nut sembukan, ranḍu alas isbaté ponang ragi ; sembukan nyawa liripun ; kalamun raganira, pisah lawan jiwanta