Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 65

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 065/

"nuwun inggih ; sandika" ; pangkur wuryaning gitaya, sadurungé kaki sira dumadi, aneng ngendi dunungipun, yektiné saking ora, bapa biyung dadi lantaran tumuwuh, tan nedya yoga mring sira, mung nekaken hardeng budi ; tibaning kang rahsa mulya, neng manikem urip marang pribadi, bunder samrica binubud, kemedut salaminya, sumrambah ing angga bisa dadi wuju, bayi lahir sing metengan, dadi manungsa sejati ; kadunungan pancadriya, pamiyarsa pangganda lan pangeksi, pangucap lawan ciptanung, flanging durung tetela, awit durung kadunungan rahsa tuhu, riwusnyantuk rasa tama, munḍak munḍak saben ari ; nganti praptaning diwasa,

pancadriyajumeneng lawan titi ; bisoa ngrunggu angambu, weruh lawan angucap, tampa saka isbatujahid liripun ; yeku warah saking liyan ; mula jimatun wus tampi ; aran tetep tinetepan ; iuwih elok dayaning sanubari ; beda beda ciptanipun, kang aran joharngaral, lamun sira nyipta barang kang durung wruh, jahortarip lamun sira, nyipta barang kang wus uning ; lawan datumaulana, lamun sira nyipta angganta kaki ; pininḍa mla