Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 64

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 064/

nipun manis ; ḍasar trepsila ; tajem polatanipun ; kyai ageng wulusan ngandika ḍateng kyai pangulu ; "pangulu ; si udakawimba tajaluk ngeḍegana ing ngarepanku kareben ngaji kitab ; karo arep takwuruki ; pasehing pangajine" ; "kula ; sumangga" ; raden udakawimba ; rinten dalu wontĕn ngarsanipun kyai

ageng wulusan ; winelek ; ing piwulang ; sadaya piwulang ; kacakup boten wontĕn ingkang kecer ; sanget leganing galihipun kyai ageng wulusan ; pikantuk murid lanḍep manahipun ; raden udakawimba ; tumunten baḍé katetesan ngelmi sajati ; raden udakawimba ; boten mawi semang semang aḍerek karsanipun kyai ageng wulusan ; anuju satunggaling dinten sampun bakda sembahyang isa ; raden udakawimba katimbalan kaḍawuhan malebet ing langgar ; boten kalilan maos kitab ; dipun pangandikani ; "jebeng ; wis mangsané kowé nampani pitutur jati ; perlune ; ing tembé bakal takwejangaké ana mangsa loro ; saiki sinauwa ; sumurup gelaran wiriding pangéran ; wis ditembangake ; karo kang jalela ; lah iki layange ; wacanen takrungokake" ;