Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 41

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 041/

kang rayi sang prameswari sampun pinanggih enget ; lajĕng angrungkebi sampeyanipun ingkang raka ; sarwi lara karuna pitaken putranipun" ; gusti ; kawula boten saged kantun kaliyan putra tuwan ; pun wayi ; paduka sareng kalebetna ; ing kuburipun" ; sang prabu kerot kancing ; boten saged ngandika ; kyai patih lodaka ; sampun pitung dinten tugur sakancanipun ; para bupati ; wontĕn ing srimenganti ; sareng mireng ramenipun ing pura ; lajĕng malebet boten kalayan dipun timbali ; sang prabu sampun pinanggih lenggah siniwaka ; wontĕn ing ḍampar ; kyai patih lajĕng sowan nyaket ; sang prabu tansah gereng gereng dereng saged ngandika ; wadanipun ; kados latu ; kyai patih boten adungkap ; ingkang dados puruging bendu ; jainakipun tiyang kasripahan punika ; susah ; sang prabu punika boten,

malah nawung duka ; kyai patih bijaksana ; boten mawi angentosi ḍawuhipun sang prabu ; bab upakarti sarta rerengganing layon sampun kaḍawahaken samapta a rumiyin ; sarta ; layonipun sang putri ; sampun lajĕng kabiḍal aken ḍateng astana leluhuripun sang prabu ; mawi pakurinatan ageng ; wedalipun saking kaḍaton ; boten kauningani ing sang nata ; kagalih ; menawi saya adamel rontaging ga