Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 40

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 040/

kecaning panindak ingkang sayogi linampahan ; ingkang sami nenggani women ing kamar ; sami kaaturan medal sadaya ; dalah sang prameswari ; ugi kaaturan sumingkir ; namung sang pangéran piyambak ; ingkang taksih women ing

kamar ajageni sariranipun sang dewi ; sareng pirantos dipun cakaken ; gampil wedaling bayi ; kalayan wilujeng ; miyos putri ; cengeripun bayi ; tiyang sakaḍaton gumuruh sami suka bingah ; bayi lajĕng dipun upakara ing ḍukun ; wontĕn ing jawi ; namung sang juwita ; lesuning sarira saya ngranuhi tansah les lesan boten enget ; dipun arasi ḍateng ingkang raka ; sarta dipun muwuni ; sang retna ; sampun kasupen ; wusana puput yuswanipun ; seda konduran ; sang pangéran anjrit amuwun ; angrungkebi ingkang garwa lajĕng kantaka ; sang prameswari malebet ing kamar ; ingkang putra sang retna sampun pinanggih seda anjrit sarosa ; ageblag lajĕng kantaka ; oter tiyang salebeting kaḍaton ; gumuruh pinḍa swaraning jawah ingkang nrajang wana pajaten ; ingkang sami nenggani wontĕn ing kamar ; bingar pating bilulung ; gumeder angebeki karaton ; pinireng saking panepen pasingidaningipun sang prabu ; sang nata enggal teḍak ing kaḍaton ; boten ngantos dipun unjuki uninga ing abdi ; anginten ; manawi ingkang putra dados ian sedanipun ; rawuhipun ing kaḍaton ; ing