Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 4

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 004/

sang mawi krama ; ingkang langkung perlu ; angestokaken piwelinging kaki sang panḍits ingkang sampun murud ḍateng ing jaman kahilangan ; yen pinacang sangkaning lacé kaliyan enḍang wresti sutaning umbul mudal ; patutan saking enḍang saḍereking bibi ; sang prabu sareng miḍanget yen ingkang raka baḍé palakrama ; sakalangkung pirena ing panggalih ; lajĕng aḍeḍawuh karsa ngeteraken piyambak ing tindakipun ingkang raka sang pangéran ; meṭuk enḍang wresti ḍateng ing redi ; tiyang sap raja sami hoter ; sami tata tata ; tindakipun sang pangéran kaliyan ingkang rayi sang prabu ḍateng ing redi mudal ; adamel horeging tetiyang sapraja ; sami kapiluyu tumut aḍerekaken ḍateng ing redi ; ngiras ningali ; sakaṭahing bala abalabar ; ngantos angebeki papan ; sanadyan ing jurang jurang ; kebak tiyang ; ing mudal ; kawutahan tiyang sapraja ; kados nagari dadakan ; kyai umbul sampun nampeni ḍawuh rumiyin ing tindakipun sang pangéran sakaliyan ingkang rayi sang prabu ; sarta sampun nyuwengaken griya manggen ing ganḍok ; lajĕng tata tata ; saha sampun mirantos ; ing griya dipun pajang ; linungsir ing gegoḍongan wanan ; lunging pakis ian pradapaning angsoka ; winor soglenganing sekar puḍak ; tuwin mayanging jambe ; kinarawisṭa kinubengaken minangka tetawing ; utawi palisir