Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 3

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 003/

jeng seda ; tangis gumuruh salebeting para ; sang prameswari sarta para garwa pangrembe ; sami rempu ing galih koncatan sihing rake ; kados coploking sesotya ; saking embanan ; sang pangéran kekalih ; lajĕng match bab upakartining layon ; boten dangu sampan samapta ; sang prabu lajĕng kaangkataken ; kalayan pakurmatan ageng ; kasarekaken ing astana nunggil para leluhuripun ; tiḍeming praja ; antawis pitung diasten ; karsanipun sang pangéran warihkusuma ; ingkang rayi sang pangéran adipati warsakusuma ; kaangkat jumeneng ratu agentosi ingkang rama swargi ; kalampahan ; mawi pakurmatan ageng sarta mawi kajenengan para ratu ingkang nunggil jaman kaliyan sang nata ; misuwuring asmanipun sang prabu ; sahib ian ingkang rama ; pikekahing praja ; ingkang dados tanggulanging mengsak sekti namung sang pangéran warihkusuma ; kacariyos ; sang pangéran warihkusuma dereng mawi krama ; kagungan pacangan sangkaning timur ; kaleres saderekipun naksanak piyambak ; saking bibi ; kalé cementen dereng diwasa ; sapunika sampun neḍeng biraki ; karsanipun sang pangéran ; baḍé nglamar ḍateng ing redi panrit ḍateng ingkang rayi sang prabu nyariyosaken karsanipun wao punika ; awit ; boten namung wajibipun ing age