Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 22

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 022/

ning pang ingkang kateres ; alumipun katingal anyenyengit ; sang pangéran sampun pikantuk serep bab lelabuhanipun sang prabu ; cocok ian panggalihipun ; karsanipun sang pangéran ; baḍé suwita ; lajĕng maleb,et ing alun alun ; pepé wontĕn sakidulipun waringin kembar ; sang nata pinuju miyos sinewaka wontĕn ing sitibentar ; awas tumingal yen wontĕn tiyang sowan pepe ; lajĕng kaḍawuhan nimbali ; sang pangéran kerid ing lampahipun ; magupuh lenggah wontĕn ing ngarsanipun sang prabu ; trepsila ; tajem ing paningal ; semunipun mengku kasujanan ; sang nata eram salebeting galih ningali manising pamulu ; bagus ; jetmika ; narka yen trahing kusuma ; lajĕng kadangu ; "bagea ; sira kang lagi teka" ; "kawula nuwun gusti ; ratu ingkang kuwasa ing dunya ; mugimugi lulusa ing kawibawan paduka ; nuwun ; abdi ingkang kapateḍan pambage" ; "sira sapa? pinangkanira ing endi ; kang yoga marang sira ; sapa?" "kawula nuwun ; nama kawula ; pun warihkusuma ; wijil kawula ; saking ing pratapan laladan ing nagari tuban ; biyung kawula sutaning panḍita" sang prabu anyaṭet salebeting galih ; yen sudarmanipun winadi ;