Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 23

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 023/

mila boten kalajengaken padangonipun ing bab wau punika ; namung kadangu ; sedyanipun ; pangandikanipun ; "sedyanira pepe ; apa ana karepira ingkang wigati ; sarta kena sira pasṭekaké yen andadekaké ḍanganing penggalihingsun tetulung marang sira kang ora andadekaké karibedaningsun" ; "kawula ; nuwun ; gusti ; ratu kinawasa ; ingkang abdi kamipurun anuwilaganda ; menawi kanggé ingkang abdi nyuwun suwita wontĕn ing ngarsa paduka" ; "apa ; kang sira kepengini ; dené sira duwé cipta suwita marang panjenenganingwang ; ing kené panggonané wong busuk busuk ; beda karo nagaranira ing tuban ; akeh para sarjana kang nawuraké kekarangané tinulada para ratu ; sanadyan ingsun iya nulada ing tuban" ; "gusti ; kaluhuran ḍawuh paduka ; ananging ; ingkang abdi tuna ing budi ; sepen ing kawruh ; mila ngantos kesah saking nagari tuban ; jalaran tinampik ing pasuwitan kawula ; kalampahan karaya raya ingkang abdi ngantos dumugi ing ngarsa paduka ratu bijaksana ; berbudi asih ing ngapapa ; ḍapur angungsi gesang" sang prabu miyarsakaken aturipun sang pangéran ; pirena ing galih lajĕng jengkar angeḍaton ; sang pangéran ; kakarsakaken a