Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 12

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 012/

guningani tindakipun sang prabu amurangniti ; gela ing galih ; suwita ing ratu ; niaya tegel anglampahi kanisṭan ; namung pados jalaran ; sageda kendel pangastanipun pusaraning praja ; kasaru ḍatengipun utusan ; kyai patih katimbalan enggal enggal ; kyai patih boten gita ; lajĕng sowan kerid lampahipun utusan ; dumugining ; pg ewakan ; sang prabu taksih lenggah lajĕng ngandika ; "uwa ; pa sira lumakuwa ḍewé marang warangkan ; kakang mas pangoran warihkusuma sedanana ; awit ; ingsun wis miḍaget ; terang: saka aturé abdiningsun kekasih ; yen kakangmas cidra ing janji ; malik tingal ; sumedya balela

marang panjenenganingsun ; lumakuwa ; saiki dikebat ; " kyai patih ; ewa ing galih ; anginggihi ḍawubipun sang prabu ; kaliyan angangen angen punapa ingkang baḍé linampahan ; lajĕng matur ; "gusti ; kados prayogi raka paduka dipun sedani wontĕn ing wana ; supados ; boten kadenangan ing para abdi kaṭah ; ical suwuripun ; wantala paduka kolu nyedani saḍerek ; kawula piyambak ingkang baḍé anglampahi ḍawuh paduka wau ; " sang prabu lomba ing galih ; kininten yen kyai patih baḍé ngestokaken ; saḍawuh amarengaken sapanuwunipun kyai pa