Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 11

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 011/

sengara ; sang pangéran wirahkusuma ; boten karsa damel karisakaning ingkang para abdi ; milawam perang ; kajawi karoban lawan ; lingsem memengsahan kaliyan ingkang rayi piyambak ; arebat rabi ; malajeng ; nutut kemawon ; pasrah ḍateng pepesṭening sariranipun ; ḍatenging senapati ; dumrojog tanpa laraban ; sang pangéran lajĕng kaaweran cinḍe ; tanpa suwala ; sarta lajĕng kaḍerekaken kondur ḍateng nagari ; kalebetaken ing warangkan ; kyai umbul sagotrahipun ; kaboyong kadalemaken ; namung ; sang juwita ingkang lajĕng kalebetaken ing kaḍaton ; punika ; ingkang dados parenging karsanipun sang prabu ; ananging taksih kanḍeg rikuh ing galih ; bilip ingkang raka dereng kasedanan ; sumuking duka saya sanget ; kyai patih kadangu punapa sampun ḍateng panusulé ing tindakipun ; kaaturaken ; yen kyai patih boten nusul malah lajĕng mantuk kemawon ; punika sangsaya amewahi dukanipun sang prabu ; rumaos dipun waoni karsanipun ḍateng kyai patili ; kumukusing netya ; andik ; pasuryanipun abrit ngatirah ; mawingawinga ; wengis ; kados ; bel medal dahana ; sang prabu ḍawuh nimbali kyai patih ; enggal enggal sarenga salampahipun ; kyai patih ingkang bijaksana ; saunduripun saking mudal an