Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 115

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 115/

ntawis sawulan ; sang prabu putri karsa kondur ing banyubiru ; ingkang putra sakaliyan ; nḍerek ; sarawuhipun ing nagari ; ingkang rama sang prabu hertambang kaaturan rawuh ing nagari saking pacrabakan ; sarawuhipun ; kapeṭuk ingkang putra sang prabu putri ; sampun akanṭen asta kaliyan ingkang raka sang pangéran warihkusuma ; sarta kaḍerekaken ingkang putra dewi senḍang akanṭen asta kaliyan ingkang raka raden udakawimba ; putra wayah sami tunḍuk ; angaras pada lajĕng sami dipun rangkul gentos gentos ; awit ; sang prabu wredḍa sampun kaaturan uninga ing bab lelampahanipun ingkang putra ; antawis setahun raden udakawimba wontĕn ing banyubiru ; i*ng kajumenengaken ratu saking wewenangipun sang prabuputxi wontĕn ing nagari tuban ; namung saben warsa kaḍawuhan sowan caos bekti laminipun sawulan ; sang pangéran warihkusuma boten karsa kondur ḍateng ing tuban ; lestantun angembani rayi ; dewi wresti kaḍawuhan mom ong ingkang putra prabu udakawimba kaliyan sariranipun tetepa dados saḍerek nak sanak ; t a m a t