Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 114

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 114/

jeng katingalan kalayan titi ; bakalipun kajeng cenḍana ; kinarawisṭa ing lung lungan apinḍa alum ; wontĕn seseratanipun ibrani ; mungel: raja putri ; putranipun dewi wayi ; patutan ; saking pangéran warihkusuma ingkang seda konduran: dereng dumugi pamaosipun ; sang prabu putri anjrit sarwi lara karuna ; nanging dewi senḍang ; boten turnut bela karuna ; awit ; boten sumrep darunanipun ; makaten ugi sang pangéran warihkusuma ; saya boten turnut bela karuna ; namung kendel, nanging ameraki ingkang rayi angudi punapa darunanipun muwun ; dangu ; boten angsal wangsulan ; wusana dipun aturi ; yen dewi senḍang punika putranipun sang pangéran ingkang linabuh

ing benawi ; sang pangéran ; lajĕng abengok tumut karuna ; sarta breng ; tiyang sapasewakan sami bela tumut karuna ; sireping tangis ; sang prabu putri wangsul lenggah ing ḍampar ; ing)cang putra dewi senḍang ; boten pisah wontĕn ing ngarsanipun ; sarta tansah dipun tingali ; raden udakawimba ; kaḍawuhan anglukari pusaranipun cinḍe ; sarta ingapunten dosanipun ; tetep minantu ing sang prabu putri ing banyubiru ; wonten ing paḍukuhan sumbereja ; andumugekaken suka parisuka ; a