Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 111

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 111/

pun kagetaken ḍatengipun ; boten kantenan tataning baris ; awit kalambung saking wingking ; ḍatengipun saking gegana rikat katos angin ; raden udakawimba kaselut ing papan ; kacepeng déning senapatining prang ; lajĕng kaweran cinḍe ; kaladosaken ing ngarsani pun sang prabu putri sakaliyan ; sampun siniwaka wontĕn ing panḍapa ageng ; sarang kaliyan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang abekta pangegenging kraman sampun kaweran cinḍe ; lan kasowanaken ing ngarsanipun sang prabu ; mabukuh wontĕn ing siti ; sang pangéran warihkusuma ; boten pandung yen pangageng kraman ingkang putra kuwalon ; raden udakawimba ; lajĕng kadangu," kalingané kowé udakawimba kang gawé hura huruning praja tuban ; sarta agawé karusakanku ; awit kowé panjilmaning satruku ; turasé yayi prabu warsakusuma ; ing mengko kowé bakal narnpani pidana ; saka panguwasané yayi dewi mahaprabu ; raden udakawimba ; tumungkul tanpanon rat ; iḍepipun ; sang prabu putri lajĕng angandika ḍateng raden udakawimba ; "raden ; aku pitakon marang kowe ; saiki ; apa kang