Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 112

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 112/

kokarepake? nungkul utawa ora?" ; ' kawula nuwun ; gusti ; ingkang abdi ; angaturaken pejah gesang ; menawi kenging ; mugi keaabdekna" ; 'xowe ; apa wis somah?' "kawula nuwun ; sampun ; gusti ; pikantuk sanakipun ki buyud wulusan ; narna rara senḍang" ; "timbalana ; mrene ; sarta wong tuwane ; lanang wadon" ; ki buyud wulusan saha saakrabipun ; sakecepengipun raden udakawimba sami adus luh ; ngalempak ; wontĕn ing kaḍaton ; amemuji ; lepat ing paukuman pejah ; raden udakawimba ; kasaru wontĕn utusan saking ngajengan ; ki buyud sanakboionipun katimbalan ; lajĕng kerid ; salampahing utusan ; rara senḍang lumampah ing tengah ; kaapit ing yayah renani

sang panḍita ; tumratap ing galih sumerep warninipun sang prabu ;  ; dené jibles ; kaliyan warninipun ingkang rayi dewi wayi ; ngantos kamitenggengen ; dangu boten ngaturaken pambage ; malah lajĕng carocosan ngedalaken luh ; boten karaos ; galihipun sang prabu ; kados sinenḍal ; nanging ; tansah dipun sabilaken lajĕng ngandika ; "kakang wiku ; punapaa ; saḍateng kula ing riku kakang wiku kirang pirena ing manah? malah ; katingal prihatos ngantos angrentahaken luh ; " "oh ; iya jagad ; dewa baṭara ; kalingane ; aku iku mau karawuhan sesotyaning jagad ; ḍuh ; sang sudibya ; pangapunten paduka ; ingkang kula suwjjn ; kula kasupen ; bilih kula katarnuwan sang prawira anom utusaning dewa ; ingkang baḍé angasrepi manah kula ; sang kasumbung ; kasegahan panakrama sarawuhipun ing pacrabakan kula dalu dalu" ; "kakang ; wiku ; ing sadereng sasampunipun ; dahat kalinggamurda ; kula tarnpeni ing asta kekalih ; kapetek ing pranaja ; tumanem ; kekulunging manah ; dados sarad daging kayuwanan ; amewahana bawa laksananipun rayi sampeyan pun andon lelana ; kula ; anilakrami ing ngajeng pundi pinangka ; ing wingking pundi sinedya ; sinten ; kekasihipun sang p angerah? " "kakang wiku,; kula prajurit lelana dikara ; andon perang ; angrupak jajahaning mengsah ; ingkang sudi nebut ; nama kula pangéran wayi" sang panḍita ajenger ; miḍanget wangsulanipun sang pangéran ; dené asmanipun ; sami kaliyan namanipun ingkang rayi dewi wayi ingkang sampun murud ḍateng teped suci ; ciptaning galih ; ' apa ; yayi dewi nitis dadi lanang? lagi weruh iki ; ngelmu panitisan ; dadi sungsang ; buwana balik ; wong wadon ; nitis marang wong lanang ; " saya koḍeng panggalihipun sang wiku ; dené sang prabu putri sakalangkung suka ing galih ; ambebingung galihipun ingkang raka ; pangandikanipun ; "kados pundi ; kakang wiku? teka ; kados tiyang koḍeng apepanggihan kaliyan kula ; mangka ; kula baḍé pitaken punapa punapa ḍateng kakang wiku" ; "walah ; walah ; punapa ; angger ; sampun antawis gangsal welas tabim lnminir)un kula kasedan garwa putrining ratu ; warninipun,

pun ; mangangge ; lungsed rambutipun ; maruwun katingal amemelas ; dumugi ing ngarsanipun sang prabu putri ; lajĕng sarni lenggah makiḍupuh konjem ing siti ; sang prabu putri awas tumingal ing citranipun ingkang pinḍa ratih ; rara senḍang ; boten kalih kaliyan sang prabu putri ; kados jambé nem ; sinigar kalih ; namung kaot ; anem kaliyan sepuh ; pangandikanipun sang pra