Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 105

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 105/

sampun jemeneng nata ; anggentosi karatonipun rama i jengandika kangjeng rama ; lajĕng lelana ngupadosi dunungipun sarira sampeyan ; boten nyana kapanggih ijen wontĕn salebeting guwa samun" ; kados punapa plenging galihipun sang pangéran miḍangetaken aturipun ingkang rayi ; sang retna gentos ; sipun rangkul sarta wanti wanti dipun arasi sarwi muwun acerocosan ; saking kasoki pun ngantos megap megap ; sang putri ; boten sah saking pangkon ; laieng sami anganḍaraken lelampahanipun piyambak piyambak ; satamating cariyos sang prabu putri matur ḍateng ingkang raka ; "kakangmas ; sampeyan lajĕng kula ponḍongi ḍateng pasanggrahan ; sarta lajĕng kondur ḍateng nagari banyubiru ; kula sereni kaprabon ; awit sakingpalilah kula sahapalflahipunikangiengrama ; " "yayi dewi mahaprabu ; bab enggonmu karsa boyongi marang aku iku om bebakal ; nanging bab piselehing kaprabon iku banget ing pamokoku ; awit jumenengku ratu ana ing tuban tiwas ta