Rangsang Tuban (Hanacaraka)/Kaca 106

Saka Wikisumber

Alihaksara[besut]

/kaca 106/

npa guna sekti ; sarta sepi ing kawicaksanan ; gampang rinusak ing mungsuh tanpa kawul ; beda karo jumenengmu sinuyudan ing wadyabala ; sanadyan jumeneng ratu putri ; kaloka kajanapriya ; kuncara ing amancapraia ; para ratu ing atas angin ; bawah angin paḍa suyud keḍep kabeh ; awit saka misuwuring kaprawiranmu ; limping peḍang agawé mirising musuh ; lan awit saka konḍanging kagunanmu ulah gelaring prang agawé mirising mungsuh sekti ; ḍasar sumbaga wirotama ; kontap ing kaluwihanmu ; mulané aku wis narima dadi embaning ratu musṭikaning jagad" ; "sampeyan punika baut ngumpak ḍateng kula ; ngantos saged damel mongkoking manah jirih" ; "ora yayi ; aku mung pratela sabeneré bae ; ora ngumpak ; orang ngonggrong ; karodené maneh yen pareng ing galih ; mungsuhku kang ngebroki kuṭa tuban ; mangsa boḍowa sirnané déning kowe" ; ' prakawis karsa sampeyan punika ; kula selak boten sagah ; dereng kinanten ; awit kedah kula rembag kaliyan uwa patih tuwin nayakaning praja ; punapade