Pak Supir Narapidana Penerjun Payung

Saka Wikisumber
Pak Supir Narapidana Penerjun Payung

1. Pak Supir[besut]

Nuju wawining dina, pak supir lagi nyupir dindhek pak polisi. Kamangka dheweke sopir pengalaman lan ora rumangsa duwe kesalahan.

Pak polisi clathu: “Sampeyan tak seret, marga nglakokake mobil, ana laladan sekolahan bantere 60 km. ana sepuluh tandha, mratandhani yen liwat laladan kene bantere kudu mung 15 km. Sampeyan ora ngrewes.”

Kaya dene pak supir, kawengku sepuluh tanda paugeran, mangkono uga Gusti Allah paring sepuluh angger-angger ana ing Kitab Suci. Kang kasebut pepakon Sepuluh Prakara.

Apa sampeyan wis nate goroh, colong jupuk utawa nyenyamah asmane Pangeran Yehuwah, ana ing pangucap sumpah? Yen sampeyan kaya aku mesthi ngakoni “Ya”

Sampeyan rungokake ana ing Kitab Suci:

  • Jalaran sing sapa ngangkah netepi sakehing angger-angger iku, nanging nlirwakake saperangan bae, wong iku kaluputan marang sakabehe. (Yakobus 2:10)

Gusti ngendika. bilih nerak wewaleripun setunggal kemawon kapetang nerak sedaya, klebet lampah bandrek lan damel pejah.

  • Sang Yehowah dhawakake paukumane wong dosa iku pepati. (kecemplungake ing naraka sebab panjenengane ora ngeparengake wong dosa ana ing Pangayunane). (Roma 6:23a)

Menawi cariyos menika namung dumugi semanten, boten wonten paidahipun kagem kita...

2. Narapidana[besut]

Sawijening wong sing ora duwe kesalahan matur marang pak hakim kanthi lila legawa ganteni paukumane narapidana sing gawe pati. Dina candhake pak ngabare si narapidana yen deweke kudu mutusake.

“Ana wong sing ora salah wis genteni hukumanmu. Yen kowe gelem nampani hukumanmu sing wis digenteni, kowe dibebaske. Nanging yen kowe ora gelem digenteni, kowe sing dihukum. Kowe pilih endi?”

Gusti Yesus putrane Allah sing ora dosa, nanging kanthi suka lila masrahake uripe kanggo dosamu lan dosaku (Pawahe dosa saka Gusti Allah iku mati) Telung dina sawise Panjenengane seda, panjenengane wungu saka antarane wong mati.

  • Nanging Allah wus ngatingalake sihe marang kita ing bab iki, nalika kita isih kawengku dening dosa, Kristus wis nglampahi sedo kanggo kita.

(Rum 5:8)

  • Balik peparinge Allah iku urip langgeng ana ing Kristus Yesus, Gusti kita. (Roma 6:23b)

Pakalehe Gusti Yesus seda ganti kowe, kowe duweni pilihan loro:

Nampani pangapurane dosamu saka Gusti lan urip langgeng, kanthi maratobat (tenggalen dosa lan ngungkurake saka dosa) lan pangarep-arepmu mung marang Gusti Yesus.

Utawa

Nulak sakabehe pangapurane dosa lan urip langgeng percayane saliyane Gusti Yesus lan samubarang dadekake paukumane Gusti Allah lan nerah wewalene Gusti

  • Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iku nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang” Putra, iku bakal ora ngalami urip, nanging malah langgeng anggone nampani bebendune Allah. (Yohanes 3:36)

Mangreteni marang Gusti Yesus during mesti percaya marang Panjenengane...

3. Penerjun Payung[besut]

Melakake kepercayane anjlok nganggo parasut naliko mlumpat saka montor mabur.

Pandhereke Gusti Yesus mbuktikake pracayane marang Panjenengane nalika Roh Gusti Allah nganyarake pikiran lan pakarepan.

  • Dadi sapa kang ana ing Kristus, iku dadi titah anyar Kang lawas wus sirna, lan kang anyar satemene wus teka. (2 Korintus 5:47)
  • Gusti maringi, “Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar.” Yeheskiel 36:26

Kaya dene wong ana ing jero pabrik durung mesti pegawe pabrik, mengkono uga ana ing jero grija during mesti dadi wong Kristen.

Yen kepingin nampani pangapuraning dosa lan urip langgeng dedongaa kaya ing ngisor iki:

“Gusti Yesus, kula pitados paduka sampun
bayar dosa kawula, nalika paduka seda senalib
lan wungusaking seda. Kula badhe nilar dosa-
dosa kawula lan pidados dating paduka
salaminipun gesang kula. Kula badhe dherek
paduka salaminipun. Katur nuwun, Amin.”

  • Sapa kang nyebut asmaning Pangeran bakal kaslametake. (Roma 10:13)

Keputusan tiyang ingkang dherek Gusti Yesus inggih menika:

  • Temah uripmu ana ing ngarsane bisa kaya kang wis samesthine lan ndhadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakehing panggawe becik bisa mgetokake who, lan maneh kawruhmu bab Allah saya mundhak. (Kolose 1:10)

Kula aturi maos Kitab Suci saben dinten lan dherek kebaktian wonten ing griya ingkang paring pawalang Kitab Suci.