Mlaku-Mlaku
[ 29 ]MLAKU-MLAKU
Sri Hartati
Ing wayah esuk nalika iku dina libur lan ora ana acara penting, aku lan bojoku mlaku-mlaku ing dhaerah padhesan kang isih akeh sawahe. Nalika iku ngancik mangsa katiga, kanggone sawah sing dhaerah gampang banyu mentas wae rampung olehe padha tandur. Malah sawatara wiji wis semi katon ijo royo-royo, rapi ditata thirik-thirik, lan katon resik ora ana suket utawa tanduran liyane, mertandhani manawa sawah mau diopeni kanthi temenan, kerep diresiki.
Aku lan bojoku mlaku turut galengan tanpa nganggo sandhal. Sandhal cukup dakcangking. Rasane sikilku anyep pating trecep amarga ngidak suket sing isih ana embune. Bun sing isih ana ing gegodhongan sapinggiring desa katon cemlorot kaya inten barleyan sing kena soroting srengenge nambahi endahe sesawangan ing isuk iku.
Angin sumilir ngenani awakku krasa adhem seger tekan balung sungsum lan rasa iku nambahi daya awak seger sehat. Kejaba sumilir kena angin uga dibarengi kena panasing srengenge esuk sing marakake kepenaking awakku. Manuk-manuk padha ngoceh rame manut ocehane dhewe-dhewe, dibarengi swarane garengpung mertandhani yen wis wiwit katiga, kembang celung ing wit turi akeh banget semono uga kembang pelem amrok, wangi ambune.
Aku terus mlaku mengalor nyawang ngener lor katon sesawangan kang endah banget, yaiku Gunung Merapi lan Gunung Merbabu sing katon biru lan cetha banget amarga ora ana mega sing nutupi. Gunung Merapi sing lagi rada watuk pilek katon ngetokake kukus gedhe muleg mumbul sadhuwure pucuk gunung. Swaraning banyu mili ing sela-selaning watu nuwuhake swara kemresek, mili banter tumuju menyang sawah sing ana dhaerah ngisoran.
Aku terus mlaku nyabrang kali sing watune gedhe-gedhe karo digandheng tanganku dening bojoku amarga akeh watune sing lunyu. Bareng wis tekan wetan kali, aku mlaku isih turut galengan ning sing rada gedhe amarga ngiras kanggo kalenan, mbagi banyu ing sawah-sawah liyane. Karo mlaku aku nyawang pegunungan ing sisih wetan lan kidul.
JAN, 29
SE
4 [ 30 ]Ing sisih kidul katon isih ijo, nanging ing sisih wetan katon coklat, malah | ana wit-witan ing pucuk gunung kang wis garing brindhil ora ana godhonge. Sanadyan mangkono ora nyuda endahe sesawangan, marga ing mburi | wit mau katon srengenge njedhul saka ngisor, saprotelon katutupan wit paring, rong protelon katutupan pegunungan, dadi nambahi reseping f pandulu. Saking kesengseme atiku, ing esuk kuwi ora ngira yen olehku mlaku-mlaku wis adoh tenan. Bareng srengenge wis dhuwur aku lagi rasa kepanasen lan krasa ngelak tur ngelih. Mula anggonku mlaku dak sengkut, dakcepetake, gek ndhang tekan dalan gedhe. Ora suwe katon” omah lan dalan gedhe nanging durung aspalan. Sacedhake omah ana, warunge, mula lakuku dak sengkut, ora krasa yen kringetku dleweran, ambeganku ngos-ngosan daya-daya tekan warung, jebule dodol lotek lan, wedang. Isih krenggosan aku lan bojoku pesen lotek loro. A
“Bu, lotekipun kalih sing setunggal pedhes, sing setunggal cekapan | mawon” pesenku marang bakule.
“Nggih” wangsulane bakule karo nyawang aku sakloron, “niki
| ki
4
)
wau saking tindak pundi? Kok le, sayah sanget ketingalipun?” | Meh bareng aku lan bojoku mangsuli, “Saking mlampah mlampah.” |
|
“Bu, teh panas kalih pindhah,” ngono kandhaku sabanjure.
Bubar mangan lotek lan ngombe teh panas kringetku saya tambah 7 metu, gemrobyos, megap-megap rasane. Enak banget kegawa awak kesel, ngelih, ngelak. Bareng wis mbayar aku pamitan mulih. Aku lan bojoku mlaku alon-alonan amarga weteng wareg. Sinambi nyawang omah-omah padha dilabur putih, lampu-lampu hias ana pinggir dalan uga padha, mertandhani masyarakat pedesaan uga ora ketinggalan mangayubagya dina gedhe tumrape bangsa Indonesia iki, yaiku mengeti kang kaping 53/ dina kamardhikan RI. Ora nglalekake sejarah perjuwangane para pahlawan kusumaning bangsa sing rila legawa korban jiwa raga bandha” kanggo perjuwangane negara, |
Tekan dalan gedhe aspalan, pas ana bis liwat, aku ngawe ngenehi tandha yen aku melu numpak bis, Tekan ngomah awak krasa sayah la terus wisuh sikil, mapan turu, les, ngerti-ngerti wis surup digugah ana ragil.
30 [ 31 ]“Bu, tindak PKK ora?” ngono kandhane.
"Ora, Ndhuk,” ngono wangsulanku, “ibu sayah.”
“Ya, Bu, ora pesen liyane?” kandhane.
“Ora, wis cukup ngono wae.”
Aku terus adus gebyar-gebyur. Wah, jan seger tenan. Awak sayah lan lungkrah ilang blas ora krasa maneh. Bubar adus salin dandan terus ngombe wedang. Wah, jan nikmat tenan. Uwong ki yen bisa menikmati apa-apa sing ditandangi, dirasakake temenan, ora ana barang susah ngrekasa, anane mung matur nuwun marang sing gawe urip, yaiku Gusti
Kang Mahakuasa.
31