Kaca:Panjurung.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

MLAKU-MLAKU

Sri Hartati

Ing wayah esuk nalika iku dina libur lan ora ana acara penting, aku lan bojoku mlaku-mlaku ing dhaerah padhesan kang isih akeh sawahe. Nalika iku ngancik mangsa katiga, kanggone sawah sing dhaerah gampang banyu mentas wae rampung olehe padha tandur. Malah sawatara wiji wis semi katon ijo royo-royo, rapi ditata thirik-thirik, lan katon resik ora ana suket utawa tanduran liyane, mertandhani manawa sawah mau diopeni kanthi temenan, kerep diresiki.

Aku lan bojoku mlaku turut galengan tanpa nganggo sandhal. Sandhal cukup dakcangking. Rasane sikilku anyep pating trecep amarga ngidak suket sing isih ana embune. Bun sing isih ana ing gegodhongan sapinggiring desa katon cemlorot kaya inten barleyan sing kena soroting srengenge nambahi endahe sesawangan ing isuk iku.

Angin sumilir ngenani awakku krasa adhem seger tekan balung sungsum lan rasa iku nambahi daya awak seger sehat. Kejaba sumilir kena angin uga dibarengi kena panasing srengenge esuk sing marakake kepenaking awakku. Manuk-manuk padha ngoceh rame manut ocehane dhewe-dhewe, dibarengi swarane garengpung mertandhani yen wis wiwit katiga, kembang celung ing wit turi akeh banget semono uga kembang pelem amrok, wangi ambune.

Aku terus mlaku mengalor nyawang ngener lor katon sesawangan kang endah banget, yaiku Gunung Merapi lan Gunung Merbabu sing katon biru lan cetha banget amarga ora ana mega sing nutupi. Gunung Merapi sing lagi rada watuk pilek katon ngetokake kukus gedhe muleg mumbul sadhuwure pucuk gunung. Swaraning banyu mili ing sela-selaning watu nuwuhake swara kemresek, mili banter tumuju menyang sawah sing ana dhaerah ngisoran.

Aku terus mlaku nyabrang kali sing watune gedhe-gedhe karo digandheng tanganku dening bojoku amarga akeh watune sing lunyu. Bareng wis tekan wetan kali, aku mlaku isih turut galengan ning sing rada gedhe amarga ngiras kanggo kalenan, mbagi banyu ing sawah-sawah liyane. Karo mlaku aku nyawang pegunungan ing sisih wetan lan kidul.

JAN, 29

SE

4