Kaca:Panjurung.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ing sisih kidul katon isih ijo, nanging ing sisih wetan katon coklat, malah | ana wit-witan ing pucuk gunung kang wis garing brindhil ora ana godhonge. Sanadyan mangkono ora nyuda endahe sesawangan, marga ing mburi | wit mau katon srengenge njedhul saka ngisor, saprotelon katutupan wit paring, rong protelon katutupan pegunungan, dadi nambahi reseping f pandulu. Saking kesengseme atiku, ing esuk kuwi ora ngira yen olehku mlaku-mlaku wis adoh tenan. Bareng srengenge wis dhuwur aku lagi rasa kepanasen lan krasa ngelak tur ngelih. Mula anggonku mlaku dak sengkut, dakcepetake, gek ndhang tekan dalan gedhe. Ora suwe katon” omah lan dalan gedhe nanging durung aspalan. Sacedhake omah ana, warunge, mula lakuku dak sengkut, ora krasa yen kringetku dleweran, ambeganku ngos-ngosan daya-daya tekan warung, jebule dodol lotek lan, wedang. Isih krenggosan aku lan bojoku pesen lotek loro. A

“Bu, lotekipun kalih sing setunggal pedhes, sing setunggal cekapan | mawon” pesenku marang bakule.

“Nggih” wangsulane bakule karo nyawang aku sakloron, “niki




| ki 4 )

wau saking tindak pundi? Kok le, sayah sanget ketingalipun?” | Meh bareng aku lan bojoku mangsuli, “Saking mlampah mlampah.” |

|

“Bu, teh panas kalih pindhah,” ngono kandhaku sabanjure.

Bubar mangan lotek lan ngombe teh panas kringetku saya tambah 7 metu, gemrobyos, megap-megap rasane. Enak banget kegawa awak kesel, ngelih, ngelak. Bareng wis mbayar aku pamitan mulih. Aku lan bojoku mlaku alon-alonan amarga weteng wareg. Sinambi nyawang omah-omah padha dilabur putih, lampu-lampu hias ana pinggir dalan uga padha, mertandhani masyarakat pedesaan uga ora ketinggalan mangayubagya dina gedhe tumrape bangsa Indonesia iki, yaiku mengeti kang kaping 53/ dina kamardhikan RI. Ora nglalekake sejarah perjuwangane para pahlawan kusumaning bangsa sing rila legawa korban jiwa raga bandha” kanggo perjuwangane negara, |

Tekan dalan gedhe aspalan, pas ana bis liwat, aku ngawe ngenehi tandha yen aku melu numpak bis, Tekan ngomah awak krasa sayah la terus wisuh sikil, mapan turu, les, ngerti-ngerti wis surup digugah ana ragil.


30