Menyang kontèn

Mitraku

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 6 ]MITRAKU

Fajar Kurniawan

“O alah iki to stasiun Tugu lagi pisan iki aku ngambah stasiun sing jarene Ibuku aneh,” Swarane Andi neng sisihku, Mripate ndelengake papan neng ngarepe sinambi mesam-mesem.

“Ana apa ta kok mesammesem?” Pitakonku. “Kae Iho, ana tulisan sing lucu banget neng blabak, yen ana penumpang sing ora nggawa karcis neng ndhuwur sepur bakal didenda tiket loro”.

“Wah bener kowe yen ngono stasiun Tugu pancen aneh, ya,” wangsulanku. Ora let suwe swara azan magrib wis keprungu. Aku lan Andi banjur sholat ana ing Mesjid stasiun. Sawise rampung sholat aku banjur nerusake laku.

“Ron, awake dhewe langsung njujug omahe Dedi opo arep ngisi weteng ndisik. Yen aku langsung wae amarga wis surup, aku wedi yen ora ana angkutan maneh.” Panjalukku.” Awake dhewe numpak becak wae, ya?” wangsulane Andi karo mesem.

Kuwi tegese dheweke sarujuk, Sumilir angin ngeterke lakuku lan Andi numpak becak, Ora let suwe, becak sing dak tumpaki mandheg nang ngarep omah gedhe sing latare amba banget. Aku banjur nggugah Andi sing wiwitmau turu ing becak. Mripate kriyap-kriyip sajake isih ngatuk. Durung nganti aku uluk salam, saka njero omah ana wong lanang metu nyedaki Aku.

“Ayo kene padha mlebu, Aku bapake Dedi. Dedi wis ngenteni kawit mau, kono mlebu wae rasah isin-isin.” mangkono Bapake Dedi mbagekake. Aku karo Andi banjur mlebu.

“Ee, Ron, ayo lungguh, wis tak enteni kawit mau,” ujug-ujug Dedi metu mbagekake. “Ded iki kancaku sing arep ngangsu kawruh neng Yogya kene, jenenge Andi,” aku ngenalke Andi marang Dedi.

Sajake sing nduwe omah wis nglegewa yen aku kesel banget. Aku lan Andi banjur dikon istirahat, Esuke aku pamit marang Dedi, arep golek kos-kosan.

“Ron, mandheg ndhisik, ya. Aku kesel.” Andi ngejak aku mandheg meng ngarep cakruk RW 05, sebelahe warung mangan. Tiba kabeneran, [ 7 ]guluku rasane wis garing. Banjur aku pesen wedang jahe kanggo nelesi guluku.

“Pak, daerah mriki wonten kos-kosan mboten nggih?” pitakonku marang bakul angkringan. “O, kebeneran, le. Bapak nduwe kos-kosan ora adoh seka kene.”

Ora let suwe, dina iku uga Aku lan Andi niliki kos-kosane Pak Budi. Kebeneran papane kepenak lan regane murah. Andi sarujuk banget, Lakune wektu rasane cepet banget, ora krasa wis sesasi aku manggon neng kos-kosane Pak Budi. Saya suwe aku lan Andi saya akrab pasedulurane. Kanca-kancaku saya akeh amarga neng sekolahan aku aktif melu organisasi.

Kaya adat saben, budalan sekolah dalan ngarep kos rame banget, montor padha wira-wiri ngetan-ngulon. Setu iki, budal sekolah aku langsung bali nanging ora kaya adate Andi ora bali bareng aku. Dheweke pamit yen arep nge-ben karo kancane. Tekan kos swasanane sepi banget kaya kuburan. Aku ngisis neng ngarep kos sinambi nylonjorake sikil lan mepetake sirah ning tembok.

Ora kaya biyasane Andi anggone nge-ben suwe banget ora luwih seka rong jam. Nanging wis limang jam Andi ora bali-bali. Aku kuwatir Andi kena alangan neng ndalan. Ora nglegewa ana mobil mandheg neng ngarep kos. Aku seneng sawise weruh Andi mlebu neng kamar. Aku mung nyawang seka kamar, amarga dheweke langsung nutup lawang kamare. Awakku penasaran banget pengin ngerti Andi seka ngendi wae kok suwe banget, trus sing ngeterake bali sapa, agek pisan iki aku ndeleng kancane Andi sing neng njero mobil. Tak enteni nganti mbulane njedul, Andi ora metu-metu seka kamar,

Aku nyoba takon marang Andi, “Ndi, wingi seka ngendi wae kok jam enem lagi bali.” Andi mung mesem. Sawise tekan sekolah aku lan Andi mlebu kelase dhewe-dhewe. Neng njero kelas ketoke kanca sak bangkuku wis ngenteni tekaku, ora sabar ngenteni aku mlaku Doni banjur ngundang aku.

“Ron kene aku nduwe crita marang kowe,” Doni crita yen wingi awan dheweke ora sengaja weruh Andi karo kanca-kancane nongkrong sinambi udud neng ngarep omah suwung cedhak omahe. Aku kaget banget ngrungokake warta kuwi, amarga aku ora nyana yen Andi bakal kaya ngono. Aku coba mbela Andi,

“Koweora salah ndeleng pa, Don?” “Yakin Ron, aku nduwe fotone.” Sawise ndeleng foto mau, aku ora iso [ 8 ]ngomong maneh sawise ngematake fotone Andi neng HP- ne Doni. Aku rumangsa salah ora iso ngawasi pasrawungane Andi.

Sawise Andi kenal karo bocah-bocah band, dheweke kerep lunga, pamite arep nggrap tugas. Ora nyana yen satemene Andi mung nongkrong karo kanca-kancane. Atiku penasaran karo lungane dheweke. Banjur aku ngetutake Andi. Beja dheweke ora krasa yen tak tutake. Andi mandheg neng ngarep omah suwung cedhak omahe Doni. Ning kana, kancane wis pada ngenteni. Aku ndelik neng njero warung, ngindik apa sing dilakoni Andi lan kancane. Aku ngelus dhadha sawise ndeleng dhewe Andi lan kanca- kancane padha ngudut lan ana sing lagi ngombe anggur. Aku ora nyana, 'Andising sejatine lugu bareng tepung karo bocah-bocah band dadi ndugal,

Ora krasa wis sesasi aku pindah neng Ngayogyakarta. Mesti papan kanggo refreshing wis tak ngerteni, kayata Ambarukma plaza, twenty one, Malioboro, lan liya-liyane. Saben Setu-Minggu aku karo Andi mesti lunga golek hiburan. Ananging awakku luwih kerep lunga neng Ambarukma Plaza, amarga kancaku duwe café ana kana. Aku seneng nongkrong neng rafe-ne Dodi karo kancaku sekolah. Aku, Andi, lan kanca-kanca lagi ngobrol, ana wong lanang nyela aku. “Ron, Ron,” Mripatku ngematake meja sing lete radaadoh seka mejaku. Wong lanang mau banjur nekani aku.

  1. Aku Rendi, kancamu dolan dhek neng Surabaya,”aku banjur

kelingan sawise dheweke nyebutke jenenge. Sadurunge, aku ora ngerti yen Rendi sekolah neng Yogya. Saploke ketemu Rendi, Andi kerep banget lunga bareng.

Kaya biyasane yen arep lunga, Andi nyilih mobilku. Dina iki dheweke pamit arep lunga karo Rendi, sajane aku diajak nanging sirahku mumet. Dadine aku milih ngaso neng omah. Ora lali sadurunge lunga, dheweke ijolan HP karo aku, dheweke gengsi yen nggaggo HP sing lawas. Embuh kepriye sipate Andi malik sawise tepung karo kanca-kancane Rendi. Dheweke saiki seneng nongkrong neng café , malah krungu-krungu Andi wis nduwe pacar_jenenge Ratih kancane Rendi. Aku durung tau tepung marang Ratih.

“Ron aku nyilih dhuwitmu seket ewu ya. Aku lagi bokek,” tembunge Andi sinambi maca sms, sajake saka pacare amarga katon raine sumringah, Dhuwit seket tak ulungake Andi, amarga telung sasi kepungkur akungyilih dhuwit Andi nalika aku lagi bokek. Aku rumangsa kepotangan.

“Ron, aku lunga dhisik, ya, neng pesta ulang taune Rendi,” pamite Andi. Kudune bengi kuwi aku lunga bareng dheweke neng omahe Rendi, Ananging tugasku akeh banget amarga sesuk kudu ditumpuk. Gelem ra [ 9 ]gelem aku kudu nyenuk neng ngarep komputer. Mripatku saya kriyap- Kklriyip, wis meh jam sepuluh tugasku durung rampung. Amarga ngantuk bangetawakku tak glethakake neng peturon.

Sore kuwi aku mlaku-mlaku neng ngarep taman sekolah, Ora sengaja mripatku ndeleng Andi karo kancane lagi lungguh. Dheweke lagi nyekel obat lan kancane ngombe anggur. Bareng tak cedhaki, jebul sing dicekel Andi kuwi narkoba. Ora tidha-tidha banjur tak rebut, ananging langsung direbut maneh karo Andi. Wusanane Andi lunga nggeblas ninggalke Aku. Atiku kelara-lara ngrasakke Andi lan kanca-kancane sing nge-drug. Mripatku banjur melek, untung wae aku mung ngimpi.

Aku ndedonga muga-muga anggonku ngimpi ora kedadeyan. Aku krungu swara mobil neng ngarep omah, ora salah maneh kuwi Andi. Aku mung nginjen baline Andi seka njero kamar. Daksawang-sawang mripate kembeng-kembeng. Mlebu kamar, dheweke langsung ngenep lawang kanthi jengkel. Aku banjur mapan turu maneh.

Dumadakan swara pitik kluruk nangekake aku. Mak-gragap aku thenger-thenger. Jendela kamar tak bukak, Hawa esuk kang adem krasa banget, srengenge wis wiwit mlethek, katon ebun nelesi wit-witan sing ijo royo-royo. Aku bola-bali nggugah Andi, ananging ora banjur tangi. Nganti aku arep mangkat sekolah dheweke iseh turu, Sidane aku mangkat sekolak dhisik. Aku wedi menawa telat maneh. Pandugaku titis dina kuwi, Andi ora mangkat sekolah, Mesthi wae aku ditakoni Pak guru.

“Ron kancamu kok ora ketok lara, po?” “Mboten mangertos Pak, Kala wau pas kula bidal, Andi dereng tangi,” wangsulanku,

Sawise tekan kos aku kaget ndeleng mripate Andi kang njendhul, Rambute awul awulan, Dheweke sambat sirahe mumet banget sinambi tangane nyekel obat sing durung tak ngerteni, ananging aku cubriya obat kuwi dudu tamba lara. Aku kelingan sing tak weruhi neng TV. Obat neng tangene Andi kuwi memper kaya sabu-sabu. Aku saya kaget, kelingan yen obat kuwi padha karo sing tak impekake mau bengi. Aku bingung kepriye kudu nulungi Andi, Durung nganti aku nemokake cara kanggo nulungi Andi, ora let suwe Andi wis bregas maneh. Bubar kadadeyan kuwi, Andi crita menawa dheweke wis kecanduan narkoba wiwit neng Surabaya setaun kepungkur, Andi isa kencanduan narkoba amarga dheweke akeh ngendhem masalah,

“Dakkira narkoba bisa ngentasake aku seka masalah, kanyatane malah gawe rusak ragaku. Ananging aku ora nduwe kekuwatan kanggo [ 10 ]mareni nyandu. Sekolaku neng Yogya kuwi salah sawijining rakadaya supaya aku mari, saora-orane aku adoh saka kanca-kanca sing pada nyandhu. Budi dayaku meh kasil. Telung sasi neng Yogya aku ora kumat maneh, ananing dumadakan kabeh mau buyar mau bengi. Aku ora nyana menawa mau bengi wedang tehku dicampuri narkoba karo Amir,” Andi ngudarasa.

“Ron, aku rasane pela teka neng pestane Rendi,” Grenenge Andi mbacutake.”Yo wis lah, rasah dipikir. Sing penting kowe sethithik mbaka sethithik kudu nyuda anggonmu nggelek narkoba,” pituturku marang Andi.

Andi janji yen arep nyuda narkoba lan golek kegiyatan kanggo ngisi wektu kosong. Saiki Andi sregep melu esksul, wektune akeh dientekke ana sekolah, Alhamdulilah wis telung dina Andi ora nggelek narkoba, yen ana masalah, Andi langsung curhat marang kanca-kancane. Saiki saben diajak lunga Rendi mesti ora gelem, ana wae alasane, Dadine saiki ora tau nongkrong maneh neng café. Aku rada lega, ananging kudu tetep waspada, Andidurung mari tenan,

Jumat kuwi Andi ora nduwe dhuwit, SPP-ne kudu dilunasi mingggu iki. Yen ora kertu ujiane disita wali kelas. Dheweke bingung banget. Aku ora isa nulungi amarga lagi bokek. Sirahe Andi samsaya mumet, karya tulise kudu ditumpuk Setu esuk. Amarga akeh pikiran penyakite Andi kumat. Dheweke mlayu neng omahe Rendi, biyasane Rendi nduwe stock obat akeh, Beja, Rendi ana neng omah. Amarga ora gablek ndhuwit Andi utang ndisik karo Rendi.

Neng njero kamar swasana panas banget, kaya bisane saben jam loro awan aku ngaso neng peturon. Durung nganti mak-ler dhadhaku seseg, ambeganku kempis-kempis, Penyakit asmaku kumat. Cilakane, oksigen lan obatku entek. Beja, Andi ujug-ujug teka. Aku banjur diplayokake neng Omah Sakit Sarjito. Aku diturokake neng UGD. Sakiwa tengenku akeh ubarampe medis, Dhadhaku ditempleki kabel-kabel, irungku dileboni selang cilik sing disambungke tabung, oksigen. Awakku rasane lara kabeh, saking ora kuwat ngempet lan ora dakngerteni wis pirang jam aku ora eling,

Sing dak rasakke awakku entheng banget lan kepenak. Kanca- kancaku pada ngrubung peturanku. Daksawang, aku ora kepengin mbagekake kanca-kanca sing pada nangis sesengrukan. Wektu kuwi sawijining priyayi nganggo sansang putiharan Dr. Bambang ngendika,

“Temanandasaudara Roni telah meninggal dunia”,

Aku rumangsa kepotangan budi marang Andi amarga dheweke [ 11 ]KN 7.

A

sing wus menehi pitulungan sasuwene ngekos bareng lan ngeterake aku

nganti tekan kene. Aku uga wanti-wanti marang Andi supaya mareni

anggone nggelek. Aku uga ora bisa maneh njaga dheweke kaya dhek wingi-

wingi. Uneg-unegku taksokake marang kanca-kanca sing nunggoni aku

neng ruangan mau. Nanging kabeh sing ana UGD ora pada nggagas. Ora anasing krungu maneh omonganku sing saiki wis dadi sukma.


> Fajar Kurniawan. Siswa MAN 11,

5 Jalan CSimanjuntak 60, Yogyakarta.

“é Telepon (0274) 513327. Lair: 19 Januari 1990, Alamat omah: Jetisharjo, Jt 326 RT.22, RW.05, Yogyakarta. Telepon

p. (0274) 7008149. || kN Hobi: ngrungokke radio lan nonton TV