Kaca:Kidung Megatruh.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

gelem aku kudu nyenuk neng ngarep komputer. Mripatku saya kriyap- Kklriyip, wis meh jam sepuluh tugasku durung rampung. Amarga ngantuk bangetawakku tak glethakake neng peturon.

Sore kuwi aku mlaku-mlaku neng ngarep taman sekolah, Ora sengaja mripatku ndeleng Andi karo kancane lagi lungguh. Dheweke lagi nyekel obat lan kancane ngombe anggur. Bareng tak cedhaki, jebul sing dicekel Andi kuwi narkoba. Ora tidha-tidha banjur tak rebut, ananging langsung direbut maneh karo Andi. Wusanane Andi lunga nggeblas ninggalke Aku. Atiku kelara-lara ngrasakke Andi lan kanca-kancane sing nge-drug. Mripatku banjur melek, untung wae aku mung ngimpi.

Aku ndedonga muga-muga anggonku ngimpi ora kedadeyan. Aku krungu swara mobil neng ngarep omah, ora salah maneh kuwi Andi. Aku mung nginjen baline Andi seka njero kamar. Daksawang-sawang mripate kembeng-kembeng. Mlebu kamar, dheweke langsung ngenep lawang kanthi jengkel. Aku banjur mapan turu maneh.

Dumadakan swara pitik kluruk nangekake aku. Mak-gragap aku thenger-thenger. Jendela kamar tak bukak, Hawa esuk kang adem krasa banget, srengenge wis wiwit mlethek, katon ebun nelesi wit-witan sing ijo royo-royo. Aku bola-bali nggugah Andi, ananging ora banjur tangi. Nganti aku arep mangkat sekolah dheweke iseh turu, Sidane aku mangkat sekolak dhisik. Aku wedi menawa telat maneh. Pandugaku titis dina kuwi, Andi ora mangkat sekolah, Mesthi wae aku ditakoni Pak guru.

“Ron kancamu kok ora ketok lara, po?” “Mboten mangertos Pak, Kala wau pas kula bidal, Andi dereng tangi,” wangsulanku,

Sawise tekan kos aku kaget ndeleng mripate Andi kang njendhul, Rambute awul awulan, Dheweke sambat sirahe mumet banget sinambi tangane nyekel obat sing durung tak ngerteni, ananging aku cubriya obat kuwi dudu tamba lara. Aku kelingan sing tak weruhi neng TV. Obat neng tangene Andi kuwi memper kaya sabu-sabu. Aku saya kaget, kelingan yen obat kuwi padha karo sing tak impekake mau bengi. Aku bingung kepriye kudu nulungi Andi, Durung nganti aku nemokake cara kanggo nulungi Andi, ora let suwe Andi wis bregas maneh. Bubar kadadeyan kuwi, Andi crita menawa dheweke wis kecanduan narkoba wiwit neng Surabaya setaun kepungkur, Andi isa kencanduan narkoba amarga dheweke akeh ngendhem masalah,

“Dakkira narkoba bisa ngentasake aku seka masalah, kanyatane malah gawe rusak ragaku. Ananging aku ora nduwe kekuwatan kanggo