MITRAKU
Fajar Kurniawan
“O alah iki to stasiun Tugu lagi pisan iki aku ngambah stasiun sing jarene Ibuku aneh,” Swarane Andi neng sisihku, Mripate ndelengake papan neng ngarepe sinambi mesam-mesem.
“Ana apa ta kok mesammesem?” Pitakonku. “Kae Iho, ana tulisan sing lucu banget neng blabak, yen ana penumpang sing ora nggawa karcis neng ndhuwur sepur bakal didenda tiket loro”.
“Wah bener kowe yen ngono stasiun Tugu pancen aneh, ya,” wangsulanku. Ora let suwe swara azan magrib wis keprungu. Aku lan Andi banjur sholat ana ing Mesjid stasiun. Sawise rampung sholat aku banjur nerusake laku.
“Ron, awake dhewe langsung njujug omahe Dedi opo arep ngisi weteng ndisik. Yen aku langsung wae amarga wis surup, aku wedi yen ora ana angkutan maneh.” Panjalukku.” Awake dhewe numpak becak wae, ya?” wangsulane Andi karo mesem.
Kuwi tegese dheweke sarujuk, Sumilir angin ngeterke lakuku lan Andi numpak becak, Ora let suwe, becak sing dak tumpaki mandheg nang ngarep omah gedhe sing latare amba banget. Aku banjur nggugah Andi sing wiwitmau turu ing becak. Mripate kriyap-kriyip sajake isih ngatuk. Durung nganti aku uluk salam, saka njero omah ana wong lanang metu nyedaki Aku.
“Ayo kene padha mlebu, Aku bapake Dedi. Dedi wis ngenteni kawit mau, kono mlebu wae rasah isin-isin.” mangkono Bapake Dedi mbagekake. Aku karo Andi banjur mlebu.
“Ee, Ron, ayo lungguh, wis tak enteni kawit mau,” ujug-ujug Dedi metu mbagekake. “Ded iki kancaku sing arep ngangsu kawruh neng Yogya kene, jenenge Andi,” aku ngenalke Andi marang Dedi.
Sajake sing nduwe omah wis nglegewa yen aku kesel banget. Aku lan Andi banjur dikon istirahat, Esuke aku pamit marang Dedi, arep golek kos-kosan.
“Ron, mandheg ndhisik, ya. Aku kesel.” Andi ngejak aku mandheg meng ngarep cakruk RW 05, sebelahe warung mangan. Tiba kabeneran,