Menyang kontèn

Kidung Megatruh

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 114 ]KIDUNG MEGATRUH

Lucin Indranila Dian Kristiani

Esuk iki arep mangkat sekolah rasane kok wegah. Kanthi aras- arasen aku neng kulah raup. Neng njero kamar ngilo, gandrik! Mripat kok katon mbendhul gek semu ireng. Ah, mau bengi aku padu maneh karo ibuku, lan kaya adat saben aku sing kalah. Nanging saiki ibu ngeplak raiku, njalariaku mlayu neng kamar lan nagis.

Wiwit cilik pancen ngono, angger mentas didukani mesthi ngundher neng kamar sing takkunci. Saka pamawasku sing saiki ibu kok kebangetan, adate ki ora tau sing jenenge ngeplak mula, rasane kok kelara- lara. Sawise nganggo seragam putih abu-abu, aku njupuk sarapan lan takpanganneng njero kamar.

“Wulan! Wisjam setengah pitu, ayo gek mangkat!”

Luweh, aku wegah sekolah, apa maneh yen nganti kanca-kanca meruhi mripatku sing mbendhul, mesthi tuwuh pitakon lan aku wegah mangsuli.

“Dinten menika kula wegah sekolah, Bu” wangsulanku nggondhok, kamangka aku ngerti, ibu ora bakal ngidini aku mbolos. Malah wiwit cilik, sanajan lara mesthi didhawuhi mlebu yen larane ora pati temenan, dadakan keprung ibu mbengok.

“Apa? Ora! Kowe kudu mlebu sekolah, apa ora mesakke ibumu sing nungsang njempalik golek ragad kanggo nyekolahke kowe? Ayo Wulan, lawange dibukak, Ibu areprembugan!”

Sawise bapak seda watara setahun kepungkur ibu dadi pokoking keluwarga, lan sing ngragadi sakabehing kebutuhanku, lan aku uga ngrumangsani yen ora samesthing tumindak mengkene karo ibu. Nanging apa ibu ora ngrumangsani, aku nganthi kaya ngene iki uga marga sikere ibu marangaku, Iha kok njaluk ngapura wae ora, njelehi!

“ Mboten ah Bu, tinimbang wonten kelas mboten serius aluwung mboten sah mangkat.” “ Lawange dibukak dhisik, Ibu arep rembugan. “ Aku tetep meneng, mung nyawang roti ing piring tanpa mingset saka lungguhku.” [ 115 ]Wulan, krungu ngendikane Ibu ta? Ayo lawange dibukak! “ibu saya mbengok kayane saya duka. “ Yoh wis, yen kowe mbeguguk ora sah sekolah wae! Kuwi ta sing tok pengini? Ibu ora ngerti apa sing tok karepke!"

Ah, kena apa saiki ibu malah luwih galak marang aku? Kandhaku jroning ati. Aku mung bisa unjal ambefan, eluh ndlewer nelesi pipi, Wiwit ibu ketemu karo priya sing jenenge Om Wibisono, kang miturut ngendikane kanca kuliah mbiyen, ibu dadi kerep telat kundure. Sauger aku nyuwun prisa mesthi ana wae alasane.

“ Lho, Ibu rak nglembur, utawa maneh Ibu nglakoni ngene iki kanggo kowe ta, ngragati sekolah, les, lan nyukupi butuhmu liyane. “ Yen ora ngono, alasan rapat dadakan ing kantor, pokoke ana wae alasane, Angger wis ngendika ngono, aku mung bisa meneng sanajan tuwuh pitakon apabener sing dingendikakake,

Nganti wusanane, aku ngerteni tumindake ibu karo “kanca” priyane kuwi. Mesthi wae aku protes, apa iya ibu golek gantine bapak sadurunge setaun sedane? Saka wawasanku iku aneh. Lha yen dudu aku sing ngelingke, banjur sapa? Wong ya aku ki putrane, nanging manawa wis ngono, aku sing trima meneng banjur ngunci kamar, prasasat saben dina ngono kuwi terus.

Dina iki ya ngono, jarum jam nuduhake angka setengah sepuluh bengi. Njur ibu tindak ngendi? pitakonku jroning ati. Kala-kala takrasakake ibu wis ora nggatekke aku, luwih-luwih sasedane bapak. Kena apa saiki, malikane aku mbutuhake penyengkuyunge ibu kanggo ngilangi kesedhihan ditinggal bapak. Temenan, ibu lagi kundur jam sewelas bengi, luwih wengi tinimbang wingi-wingi. Wusana takparani, nyuwun prisa kanthi semu mangkel,

“Saking pudita Bu, kok ngantos yah ngaten?”

“Wis ah, ibu wegah rame, kesel! “ banjur ibu mlebu kamar karo mbanting lawang, ana apa?

Adate ora tau ngono kuwi, pancen wiwit cilikaku ora tau dimanja, sanajan aku anak tunggal awit diajab aku bisa mandhiri lan ora gawe repote wong liya. Nanging saiki aku krasa, ibu wis ora nggatekake aku lan iku njalari sedhih.

Bruk! Tas takuncalke kasur, jam nuduhake angka setengah papat sore. Adat saben, wayah ngene iki aku lagi gojeg karo bapak swargi. Lemari ruang tengah takbukak, kepingin nonton foto kenangan karo [ 116 ]bapak. Mripatku ketarik wungkusan cilik kang keselip ing album foto ngisor dhewe.

Alon-alon tak bukak, lhadalah! Jebul isine fotone ibu karo Om Wibisono, nanging ing foto iku luwih tuwa tinimbang foto-foto karo bapak, apa karepe? Keprungu suara mobil ing ngarep omah, pranyata Om Wibisono ngeterke ibu kundur. Malah priya iku sing mbukake lawang kanggo ibu. Dhadhaku seseg, aku benci nyawang kuwi. Nalika ibu mlebu kamar taksuwuni prisa,

“Kok ngaten ta Bu, ndadak ngeterken Ibu, kula sampun matur yen mboten setuju Ibu sesambetan kaliyan priya menika“ “ Ibu ora bisa. ngendikane alon, sajak ngampet muwun. “Ibu kedah saged, sak menika Ibu milih kula menapa piyambakipun! ““ Ibu ora bisa nglakoni, Ibu nresnani kowelanOm Wibisono” saiki tangisibu wutah.


“Ibu mboten adil, piyambakipun kesangeten sampun ngrebat Ibu saking kula saha Bapak! “aku melu nangis.” Nanging Bapakmu wis seda.” “Nanging mboten ateges Ibu lajeng tumindak mekaten, sasampunipun kepanggih priya menika mboten nggatosken kula, kula benci piyambakipun Bu!“ akunjerit karo nangis.

“Wulan, rungakna, aku takkandha kang sabenere marang kowe,” rasaku dadi dheg-dhegan, gek-gek ibu nedya njaluk palilah supaya aku ngidini bebrayan karo Om Wibisono, utawa aja-aja ibu wis mbobot? Ah, aku ora kena nduweni pikiran kaya ngono. “ Sajatine, Om Wibisono ki ya bapakmu kandung Wulan “ ngendikane ibu kanthi suar peter.”

Me....na...pa? Mboten, lajeng menapa kersanipun Ibu?”

“Iya, priya iku bapakmu tenan, “ ibu ngendika maneh, tangisku saya banter, banjur mlayu ninggalke omah. Ibu nimbali, nanging aku ora perduli. Eluh ndlewer saya deres. Panyawangku peteng, kayane aku lagi neng papan sing ora takngerteni.

Lucia Indranila Dian Kristiani, siswa SMA

Stella Duce2, Jalan Dr. Sutomo 16 Yogyakarta. Telepon (0274) 513129.

Lair 16 April 1989. Alamat omah, Jalan, Harjo Sudiro 174 A Condong Catur,Depok Sleman, Yogyakarta Telepon (0274) 882463. Hobi: main music, renang, Kegiatan sastra