Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Wulan, krungu ngendikane Ibu ta? Ayo lawange dibukak! “ibu saya mbengok kayane saya duka. “ Yoh wis, yen kowe mbeguguk ora sah sekolah wae! Kuwi ta sing tok pengini? Ibu ora ngerti apa sing tok karepke!"

Ah, kena apa saiki ibu malah luwih galak marang aku? Kandhaku jroning ati. Aku mung bisa unjal ambefan, eluh ndlewer nelesi pipi, Wiwit ibu ketemu karo priya sing jenenge Om Wibisono, kang miturut ngendikane kanca kuliah mbiyen, ibu dadi kerep telat kundure. Sauger aku nyuwun prisa mesthi ana wae alasane.

“ Lho, Ibu rak nglembur, utawa maneh Ibu nglakoni ngene iki kanggo kowe ta, ngragati sekolah, les, lan nyukupi butuhmu liyane. “ Yen ora ngono, alasan rapat dadakan ing kantor, pokoke ana wae alasane, Angger wis ngendika ngono, aku mung bisa meneng sanajan tuwuh pitakon apabener sing dingendikakake,

Nganti wusanane, aku ngerteni tumindake ibu karo “kanca” priyane kuwi. Mesthi wae aku protes, apa iya ibu golek gantine bapak sadurunge setaun sedane? Saka wawasanku iku aneh. Lha yen dudu aku sing ngelingke, banjur sapa? Wong ya aku ki putrane, nanging manawa wis ngono, aku sing trima meneng banjur ngunci kamar, prasasat saben dina ngono kuwi terus.

Dina iki ya ngono, jarum jam nuduhake angka setengah sepuluh bengi. Njur ibu tindak ngendi? pitakonku jroning ati. Kala-kala takrasakake ibu wis ora nggatekke aku, luwih-luwih sasedane bapak. Kena apa saiki, malikane aku mbutuhake penyengkuyunge ibu kanggo ngilangi kesedhihan ditinggal bapak. Temenan, ibu lagi kundur jam sewelas bengi, luwih wengi tinimbang wingi-wingi. Wusana takparani, nyuwun prisa kanthi semu mangkel,

“Saking pudita Bu, kok ngantos yah ngaten?”

“Wis ah, ibu wegah rame, kesel! “ banjur ibu mlebu kamar karo mbanting lawang, ana apa?

Adate ora tau ngono kuwi, pancen wiwit cilikaku ora tau dimanja, sanajan aku anak tunggal awit diajab aku bisa mandhiri lan ora gawe repote wong liya. Nanging saiki aku krasa, ibu wis ora nggatekake aku lan iku njalari sedhih.

Bruk! Tas takuncalke kasur, jam nuduhake angka setengah papat sore. Adat saben, wayah ngene iki aku lagi gojeg karo bapak swargi. Lemari ruang tengah takbukak, kepingin nonton foto kenangan karo