Kaca:Kidung Megatruh.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

bapak. Mripatku ketarik wungkusan cilik kang keselip ing album foto ngisor dhewe.

Alon-alon tak bukak, lhadalah! Jebul isine fotone ibu karo Om Wibisono, nanging ing foto iku luwih tuwa tinimbang foto-foto karo bapak, apa karepe? Keprungu suara mobil ing ngarep omah, pranyata Om Wibisono ngeterke ibu kundur. Malah priya iku sing mbukake lawang kanggo ibu. Dhadhaku seseg, aku benci nyawang kuwi. Nalika ibu mlebu kamar taksuwuni prisa,

“Kok ngaten ta Bu, ndadak ngeterken Ibu, kula sampun matur yen mboten setuju Ibu sesambetan kaliyan priya menika“ “ Ibu ora bisa. ngendikane alon, sajak ngampet muwun. “Ibu kedah saged, sak menika Ibu milih kula menapa piyambakipun! ““ Ibu ora bisa nglakoni, Ibu nresnani kowelanOm Wibisono” saiki tangisibu wutah.


“Ibu mboten adil, piyambakipun kesangeten sampun ngrebat Ibu saking kula saha Bapak! “aku melu nangis.” Nanging Bapakmu wis seda.” “Nanging mboten ateges Ibu lajeng tumindak mekaten, sasampunipun kepanggih priya menika mboten nggatosken kula, kula benci piyambakipun Bu!“ akunjerit karo nangis.

“Wulan, rungakna, aku takkandha kang sabenere marang kowe,” rasaku dadi dheg-dhegan, gek-gek ibu nedya njaluk palilah supaya aku ngidini bebrayan karo Om Wibisono, utawa aja-aja ibu wis mbobot? Ah, aku ora kena nduweni pikiran kaya ngono. “ Sajatine, Om Wibisono ki ya bapakmu kandung Wulan “ ngendikane ibu kanthi suar peter.”

Me....na...pa? Mboten, lajeng menapa kersanipun Ibu?”

“Iya, priya iku bapakmu tenan, “ ibu ngendika maneh, tangisku saya banter, banjur mlayu ninggalke omah. Ibu nimbali, nanging aku ora perduli. Eluh ndlewer saya deres. Panyawangku peteng, kayane aku lagi neng papan sing ora takngerteni.

Lucia Indranila Dian Kristiani, siswa SMA

Stella Duce2, Jalan Dr. Sutomo 16 Yogyakarta. Telepon (0274) 513129.

Lair 16 April 1989. Alamat omah, Jalan, Harjo Sudiro 174 A Condong Catur,Depok Sleman, Yogyakarta Telepon (0274) 882463. Hobi: main music, renang, Kegiatan sastra