Menyang kontèn

Katresnane Yayi

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 159 ]KATRESNANE YAYI Titi Yulianti

Yayi pancen seneng guyon. Dheweke kepingin ngrasakake urip kanthi akeh guyu. Salah siji sebabe amarga dheweke nonton tanggane, Lik Arsan sing gendhut wis bola-bali mlebu-metu rumah sakit jiwa. Kandhane tangga-tanggane, Lik Arsan seriyus banget anggone mikirake bandhane, mligine kalung, gelang, suweng emas berlian sing nempel ing awake. Lik Arsan keweden penganggone arep dicolong dening liyan. Nanging Lik Arsan mesthi nganggo kanthi pengarep-arep dadi gumunan tangga-tanggane. Sangking kencenge nganti ora bisa ngguyu. Bokmenawa amarga kenceng terus kuwi keseimbangan jiwane keganggu.

Sanajan wis omah-omah Yayi isih tetep nerusake kuliyahe. Mas Jun, garwane sing wis limang taun bebrayan ora nate nglarang tumindake, Salah sawijining kanca kuliyah kang uga kanca organisasi jenenge Bimo, Dheweke priya sing pinter lan seneng guyon. Klop banget karo pribadine Yayi. Apa maneh hobine uga padha, maca lan kesenian. Sangking kerepe ketemu apa amarga sebab liya, suwe-suwe Yayi krasa yen sesambungan karo Bimo rada istimewa. Apa maneh ing dina ulang taune wingi Bimo menehi kadho.

“Selamat ulang tahun, Yayi,” Yayi mesem. Atine bungah banget. “Iki aku nggawa sesuatu,” kandhane Bimo karo menehake kadhone.

“Dibukak saiki wae, Yayi.”

Kalung kuwi endah banget. Lan Yayi meneng wae, ora bisa nampik nalika Bimo njupuk kalung kuwi saka tangane lan nganggokake ing gulune. Yayi sadhar nalika ana swara keplok. Mas Jun ing burine mesem karo ngasta bungkusan uga.

“Coba dibukak, Yayi”.

Yayi kagetnalika dibukak, bungkusan iku isine uga kalung, nanging ana liontin lan suwenge.

“Kalunge disimpen wae, Yayi. Sing diagem liontin lan suwenge. Cocok kok dijodhoni karo kalung sing maringi Dhik Bimo,” kandhane Mas Jun.

159 [ 160 ]. Nganti luwih saka jam rolas bengi Yayi ora bisa turu. Pikirane ruwet. Dheweke rumangsa bener-bener tresna karo Bimo. Bimo uga wis tau ngandhakake kuwi lan duwe krenteg nglamar Yayi.

“Wis bengi kok durung turu. Mikir apa, Yayi?” kandhane Mas Jun. Tangane nempel neng pundhake Yayi. Yayi unjal ambegan.

“Aku arep matur, Mas.”

Wong loro pandeng-pandengan. Mripate Mas Jun nunjem.

“Lho, kok sajak serius iki ana apa, ta?”

“Aku jatuh cinta, Mas.”

“Cinta pertama, cinta lokasi, cinta kilat ...,” kandhane Mas Jun Guyon.

“Aku serius, Mas.”

“Lho, jarene guyon kuwi marahi awet mudha.”

“Aku serius, Mas. Aku jatuh cinta karo Bimo.”

Mas Jun manthuk-manthuk. Sesuk sore Bimo tenan-tenan nglamar Yayi.

“Kula saestu tresna kaliyan Yayi. Kula janji boten badhe sawiyah- wiyah dhateng piyambakipun, Mas.”

Mas Jun meneng. Lagi sepisan kuwi dheweke krungu bojone wong dilamar wong neng gone garwane. Atine goreh.

Sawise Bimo bali, Mas Jun langsung takon marang Yayi.

“Dadi kowe kepingin pisah karo aku, Yayi?”

Yayi gedheg.

“Kowe mesthi nemtokake pilihan. Aku emoh yen kowe ana jejerku nanging pikiran lan jiwamu tansah mikir Bimo.”

“Nanging piye wong tuwane awake dhewe, Mas?”

“Wong tuwa njodhokake kowe lan aku kanthi ancas apik. Nanging ora nduweni hak nemtokake dalane awake dhewe. Kowe dakwenehi wektu sewulan kanggo nemtokake keputusan.”

Saben esuk tangi turu, Yayi nyoret tanggal ing kalendher. Kok ya durung ana keputusan.

“Aku tresna karo Bimo,” padha atine, nanging abot ngeculake Mas Jun. Dheweke wong lanang sing apik. Tansah pangerten.

Nalika wektu sewulan iku wis entek, Yayi wis ketok siyaga. Mas Jun lan Bimo ngenteni neng ruwang tamu. Bimo ketok goreh, nanging

160 [ 161 ]Mas Jun ketok anteng.

“Piye, Yayi?” meh bareng wong lanang loro mau takon,

“Aku wis mutusake, Aku ora milih Mas Jun utawa Bimo, Sanyatane, sejatine aku dhewe durung ngerti, durung percaya sapa aku satemene, Aku pamit.” Mas Jun kaget banget. Bimo mripate mblalak lan ngadeg saka kursine.

“Arep menyang ngendi?” meh bareng loro-lorone takon,

“Ancas sepisanan menyang Jakarta. Nanging embuh mengkone, Aku mesti menehi pirsa Mas Jun. Nganti dina iki aku isih bojone Mas Jun.”

“Yayi, apa sing kok goleki?” Mas Jun mirsani kanthi sabar, “Kowe aneh, Yayi,” kandhane Bimo karo gedheg-gedheg, “Menawa kowe lunga, dakkancani, Yayi. Aku bojomu,” Yayi gedheg.

“Ora Mas. Aku dakngleremake ati dhisik.”

“Nanging ....”

“Sing cetha nuwun sewu, tekan kapan wae, aku ora arep milih Mas Jun utawa Bimo.”

Sepur Senja Utama wiwit obah. Yayi mesem. Bimo ngawe-awe tangane, Mas Jun nyawang tanpa kedhep. Priya sakloron nduweni

kaluwihan dhewe-dhewe. Nalika sepur saya banter, dheweke saya ora katon maneh,

161