. Nganti luwih saka jam rolas bengi Yayi ora bisa turu. Pikirane ruwet. Dheweke rumangsa bener-bener tresna karo Bimo. Bimo uga wis tau ngandhakake kuwi lan duwe krenteg nglamar Yayi.
“Wis bengi kok durung turu. Mikir apa, Yayi?” kandhane Mas Jun. Tangane nempel neng pundhake Yayi. Yayi unjal ambegan.
“Aku arep matur, Mas.”
Wong loro pandeng-pandengan. Mripate Mas Jun nunjem.
“Lho, kok sajak serius iki ana apa, ta?”
“Aku jatuh cinta, Mas.”
“Cinta pertama, cinta lokasi, cinta kilat ...,” kandhane Mas Jun Guyon.
“Aku serius, Mas.”
“Lho, jarene guyon kuwi marahi awet mudha.”
“Aku serius, Mas. Aku jatuh cinta karo Bimo.”
Mas Jun manthuk-manthuk. Sesuk sore Bimo tenan-tenan nglamar Yayi.
“Kula saestu tresna kaliyan Yayi. Kula janji boten badhe sawiyah- wiyah dhateng piyambakipun, Mas.”
Mas Jun meneng. Lagi sepisan kuwi dheweke krungu bojone wong dilamar wong neng gone garwane. Atine goreh.
Sawise Bimo bali, Mas Jun langsung takon marang Yayi.
“Dadi kowe kepingin pisah karo aku, Yayi?”
Yayi gedheg.
“Kowe mesthi nemtokake pilihan. Aku emoh yen kowe ana jejerku nanging pikiran lan jiwamu tansah mikir Bimo.”
“Nanging piye wong tuwane awake dhewe, Mas?”
“Wong tuwa njodhokake kowe lan aku kanthi ancas apik. Nanging ora nduweni hak nemtokake dalane awake dhewe. Kowe dakwenehi wektu sewulan kanggo nemtokake keputusan.”
Saben esuk tangi turu, Yayi nyoret tanggal ing kalendher. Kok ya durung ana keputusan.
“Aku tresna karo Bimo,” padha atine, nanging abot ngeculake Mas Jun. Dheweke wong lanang sing apik. Tansah pangerten.
Nalika wektu sewulan iku wis entek, Yayi wis ketok siyaga. Mas Jun lan Bimo ngenteni neng ruwang tamu. Bimo ketok goreh, nanging
160