Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
 Dereng dangu punika, Basri oprasi. Drijinipun wonten ingkang pruthul, gara-gara anggenipun usil damel mrecon. Angkahipun kadamel sae, sampun ngantos wonten ingkang mejen. Nanging, malah salah kedadosan. Obatipun kekerasen. Nalika dipun cobi dipun sumet, dereng ngantos dipun uncalaken, sampun mbledhos. Tanganipun kebledhosan, drijinipun wonten ingkang pruthul. Lha, ndadak oprasi dhateng dhokteran.
 Damel mercon pancen boten baen-baen.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Basri kuwi bocah kepriye?
  2. Watake Basri kepriye?
  3. Geneya gegere Basri nganti kepethel?
  4. Geneya mercone Basri gampang mbledhos?
  5. Geneya Basri kepeksa oprasi ana dhokteran?


III. Kawruh basa

A. Tuladha:

  1. Angkahipun kadamel sae, nanging jebul malah...., kekerasen.
  2. Angkahipun kadamel sae, nanging jebul malah salah kedadosan, kekerasen.


Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Kowe kuwi angger dituturi mesthi malah .....
  2. Ora pati ....., jebul kowe ta iki mau!
  3. Mbok aja ..... ta, Gus, tembok resik-resik kok koorek-orek.
  4. Iki jenenge udan ....., udan ora mbeneri mangsa udan.

74