Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5. Yen wis padha rampung, ..... ngrewangana aku!
6. Gulune ora kena kanggo mengo, sajake .....
7. Putrane Sang Prabu ...., lair awujud raseksa.
8. Tembung nguleg sambel, ngrageni tempe lan sapepadhane, kuwi diarani tembung rura basa, utawa tembung .....
9. Nyambut gawe aja ....., sing tumemen ora ndadak dolanan!

a. salah kedaden
b. salah weweng
c. salah kaprah
d. salah tampa
e. salah gawe

f. salah urat
g. salah mangsa
h. salah siji
i. salah deleng


B. Tuladha:

a. Jare tampa hadhiyah, lha kok malah sambat .....
b. Jare tampa hadhiyah, lha kok malah sambat ngaru-ara.

Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, pilihen tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Esuk-esuk kok nangis ....., geneya ta, Sri?
  2. Kancane tiba kok malah ngguyu ....., pira bara nulungi.
  3. Dak rewangi mlayu ....., meksa kepancal sepur.
  4. Angger wis didulang wareg adhiku banjur turu .....
  5. Kowe kuwi rak sugih ....., lha kok golek utangan rene.
  6. Begog kuwi kulina lunga ..... , tanpa pamit wong tuwa.
  7. Karo tangga cedhak ..... kok ora tepung, kuwi jenenge angkuh.

75