Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi!

Kebledhosan Mercon
 Basri punika lare usil, nanging pinter dedamelan. Damel punapa kemawon saged, tur mesthi dados lan sae.
Kuciwa Basri radi sembrana lan kepara grusa-grusu, kirang pangatos-atosipun. Punika ingkang kala-kala murugaken nandhang kacilakan.
 Sampun nate, gegeripun piyambak kepethel. Saweg pethel-pethel, gegeripun kraos gatel. Saking kesesanipun, gegeripun dipun kukur ngangge pethel. Lha, mak cos ..... medal rahipun.
 Dhasar lare athikan, sampun nate makaten kok inggih boten kapok. Wonten-wonten kemawon akalipun. Nanging alanganipun inggih warni-warni.

73