Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 10

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Kebledhosan Mercon
Abas : He, Sri, tanganmu geneya?
Basri : Nampa hadhiyah ngene kok, Bas.
Abas : Abot ta, kok olehe nampani nganti kesliyo?
Basri : Kesliyo piye, rasane nguntar-untar jare. Iki rak tak kompres.
Abas : E, sembrana kowe ki. Aja guyon lho. Jare nampa hadhiyah thik sambate ngaru-ara. Wedi yen aku njaluk ujur pa piye?
Basri : Mangsamu! Aku ki tenan, diarani guyon. Takujuri kapok kowe mengko.
Abas : Wah mbingungke kowe ki, Sri!
Basri : Aku ki mentas tampa ganjaran, ..... kebledhosan mercon.
Abas : Wo, ngono ta genahe ki! Ra sida njaluk ujur aku!
Basri : Mula kuwi, aja maido!
Abas : Mau-maune piye, ta?
Basri : Kene lungguha takcritani!


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep!

  1. Ora susah bingung, teteg bae!
  2. Ora susah kesusu, sareh bae!
  3. Ora susah takon, menenga bae!
  4. Ora susah nesu, sing sabar bae!
  5. Ora susah disusul, entenana bae!

72