Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦔꦺꦥꦠꦶꦁꦒ꧀ꦭꦼꦧꦾꦂ
    Lintange pating glebyar.
  2. ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦃꦲꦢꦸꦱ꧀ꦒꦼꦧꦾꦸꦂ
    Ambyah adus gebyur.
  3. ꦲꦏꦸꦠꦸꦏꦸꦲꦺꦱ꧀ꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂ
    Aku tuku es kopyor.


V. Wacanen kang patitis!

  1. Kembang aren, sumebar tepining kalen.
    Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen.
  2. Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur.
    Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur.
  3. Kembang menur, den sebar den awur-awur.
    Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
  4. Kembang mlathi, ganda arum warna peni.
    Putra putri, kudu gemi lan nastiti.
  5. Kembang cengkeh, ganda sedhep warna aneh.
    Wong sing sumeh tartamtu mitrane akeh.



71