Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tembung entar sing cap-capane kandel terangna tegese, kaya tuladha!

  1. Ngati-ati lho, Panut kae dawa tangane.
  2. Yen ora dawa ususe mangsa bisa srawung karo Bence.
  3. Yen nganti konangan lurahmu, bisa mati panganmu.
  4. Si Surip kae pancen lunyu ilate.
  5. Wong urip kudu sregep nandur kebecikan, ndhedher kautaman.
  6. Apa kowe ora rumangsa manawa tembungmu kuwi pedhes banget.
  7. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, nanging bareng dakwaneni ora katon dhadhane.
  8. Iki jenenge nggraji angin, mung tinimbang turu sore.
  9. Sasedane Arya Panangsang, Sultan Hadiwijaya rumangsa ilang klilipe.
  10. Bareng dadi wong pangkat, karo sanak sedulure ora merem.


C. Tuladha:

  1. Ing peken malem kathah (tingal) warni-warni.
  2. Ing peken malem kathah tetingalan warni-wami.

Tembung njeron kurung owahana dadi tembung dwipurwa kaya tuladha, mawa panambang an utawa ora!

  1. Lataripun dipun tanemi (sekar) warni-warni.
  2. Yu Tijah dhateng peken (kilak).
  3. Ingkang jumeneng nata (juluk) Maha Prabu Arimurti.
  4. Ugi wonten ingkang sade barang-barang (rengga) warni-warni.


68