Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5. Kula punika manawi (tumbas) asring keblowok.
6. (lampah) ingkang kados punapa rekaosipun sedaya sampun kula lampahi.
7. Anakipun ingkang wuragil dipun sukani (tenger) Jaka Pamungkas.
8. Boten (raos) punapa-punapa, ngertos-ngertos Bapak mundhut mobil.
9. Adhik nangis (kitrang) madosi Ibu.
10. Kula kinten namung (gujeng), jebul kerengan saestu.


D. Tuladha:

a. Sore-sore kok wis ana maling.
b. Maling punika jarwa dhosok utawi kerata basanipun njupuk amale (barang darbeke) wong ora eling (turu).

Apa jarwa dhosoke, tembung-tembung sing cap-capane kandel iki!

  1. Ngati-ati ing pasar malem akeh copet!
  2. Latare ditatani krikil kareben ora jeblog.
  3. Garwa punika sadherek pinanggih sepuh.
  4. Tiyang sepuh kedah dipun bekteni.
  5. Siti punika sumbering gesang menggahing among tani.
  6. Sardi njupuk tepas kanggo nepasi geni.
  7. Murti nggodhog wedang kanggo nyuguh tamune.
  8. Pak Muhni bareng ora ngagem kupluk manglingi.
  9. Kuping mono rak ya kanggo ngrungokake, ora mung kanggo canthelan kaca mata.
  10. Wong tuwa ditembungake gerang dhaplok, tegese gegere kaya urang dhadhane arep diemplok.

69