Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

III. Kawruh basa

A. Tuladha:

a. Ana uga sing dodol barang-barang .....
b. Ana uga sing dodol barang-barang bala pecah.

Ceceg-ceceg iki isenana tembung camboran kaya tuladha. Pilihen tembung-tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Kebo, jaran lan sapi iku diarani .....
  2. Tukua gedhang raja kanggo isen .....
  3. Ibu mundhut nyamping .....
  4. Sing kelip-kelip abang kae lintang .....
  5. Sing sapantha kae lintang .....
  6. Sing keprungu ngangkang kae gendhing .....
  7. Dewi Setyawati ....., mbelani sedane ingkang raka.
  8. Rambut njenthir ing githok kuwi jenenge .....
  9. Adhiku numpak jinantra, aku nunggang .....
  10. Sikilku dicakot ....., rasane kemranyas.
a. kebo giro
b. suduk slira
c. buntut urang
d. naga sari
e. semut geni

f. banyak angrem
g. jaka belek
h. sida mukti
i. raja kaya
j. ombak banyu


B. Tuladha:

a. Ing pasar malem uga ana wong sing niyate arep angon ulat ngumbar tangan.
b. Ing pasar malem uga ana wong sing niyate arep nyopet.

67