Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Peken malem punika mengku kajeng mahargya dinten Riyadi, inggih punika dinten ageng Idul Fitri.
 Ing peken malem kathah tetingalan warni-warni. Kadosta: tong setan, reyog, ringgit tiyang, jinantra, lan ombak banyu.
Tiyang sesadean uga kathah. Wonten ingkang sade dolananipun lare, wonten ingkang sade barang-barang prabot rerengganing bale griya, wonten ingkang sade sandhangan warni-warni, ugi wonten ingkang sade barang-barang bala pecah.
Ingkang bikak warung utawi restoran ugi boten sakedhik. Wonten warung dhawet lan es, wonten warung bakso, wonten warung soto, warung sate lan sapanunggilanipun.
 Babagan keamanan ugi dipun gatosaken. Ing papan-papan ingkang sakalangkung rame wonten seratan minangka penget, ungelipun: Awas Kantong. Pamrihipun, murih para ingkang saweg among suka sampun ngantos ketiwasan, isen-isening kanthonganipun amblas kasrobot ing copet.
Ing peken malem ugi wonten pos keamananipun, manggen ing sacaketipun kori mlebet. Sok sintena kecalan lare utawi kanca, lajeng saged lapur dhateng pos punika.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama!

1. Ing sasi apa ing Sala ana pasar malem?
2. Pasar malem kuwi kanggo apa?
3. Tontonan ing pasar malem kuwi apa bae?
4. Ing pasar malem ana wong dodol apa?
5. Piye caramu nggoleki, yen kancamu ilang utawa ketriwal?