Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4. Aja ....., sedhela bae!
5. Arep mampir menyang omahmu, ..... bae.
6. ..... iki gaweanku dhewe.
7. ..... kuwi getih apa dubang?
8. Bocah kuwi angel .....
9. ..... kok mangan pelem, mbok mengko bae yen rada awan.
10. Kowe kuwi lungguh kok ....., mbokya sing manggon
11. Nyokonga .....!
12. Ora susah ....., anggepen ana ngomahmu dhewe!

a. isin-isin
b. abang-abang
c. saduwe-duwemu
d. tutur-tuturane
e. ngolah-ngalih
f. esuk-esuk

g. Ala-ala
h. mangar-mangar
i. lali-lali
j. wira-wiri
k. suwe-suwe
l. cilik-cilik


C. Tuladha:

a. Jamu godhong kates kuwi rasane legi bratawali.
b. Legi bratawali tegesipun pait sanget.

Sanepa-sanepa ing ngisor iki terangna tegese, kaya tuladha!

  1. Wisnu kuwi polahe anteng kitiran.
  2. Ambumu kok arum jamban, wis pirang dina ora adus Gog?
  3. Angger kecenthok atine, ulate banjur bening leri.
  4. Bubar duwe gawe, utange arang wulu kucing.
  5. Kenthus kuwi kawruhe jero tapak meri.
  6. Martini kuwi kulite wuled godhong lumbu.
  7. Kamti kuwi wis kondhang rembuge peret beton.

59