Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

8. Raden Abimanyu dikrocok ing jemparing, tatune arang kranjang.
9. Raketing pasedulurane bebasan renggang gula, kumepyur pulut.
10. Jare bubar lara, lha kok awakmu malah kuru semangka ngono.


D. Tuladha:

Jati mudha, rewanda wulune kresna.
Dhelog-dhelog, anjetung nenutuh driya.

Rumpakan kuwi jenenge wangsalan. Yakuwi, ukara kaya dene cangkriman sing dikantheni batangane. pisan, sanajan batangan mau mung disrempet. Sing baku dudu cangkrimane, sing baku batangane.

Jati mudha: dholog, disrempet nganggo tembung dhelog-dhelog.

Rewanda wulune kresna: kethek sing wulune ireng, jenenge lutung, disrempet nganggo tembung anjetung.


Mara wangsalan-wangsalan iki wacanen, nuli tembung-tembung sing cap-capane kandel terangna kaya tuladha!

1. Kolik priya, priyagung Anjani putra.
   Tuhu eman, wong anom suthik ing karya.
2. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
   Ora gampang wong urip ing alam donya.
3. Singa tirta, tirta wijiling salira.
   Sapa baya, banget ngudi basa Jawa.
4. Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa.
5. Reca kayu, goleka sabda rahayu.
6. Wohing tanjung, becik njunjung bapa biyung.

60