Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ceceg- ceceg iki isenana tembung sing cumawis ing ngisor, pilihen sing cocog!

1. Prakara iki mung kari ..... ing kowe dhewe.
3. Sayembara kuwi ..... dhuwit limang atus ewu rupiyah.
3. Anggone duwe gawe nganggo .....
4. Raden Angkawijaya kepapag barisaning buta kang padha .....
5. Prakarane isih .....
6. Parwi kae sandhangane .....
7. Sri, aku jupukna .....
8. Dhasar wong cupet nalare, prakara sepele direwangi .....
9. Jam bekerku ijolana ..... mengko daktomboki.

a. jam gantung
b. mati nggantung
c. gantungan klambi
d. gantung kepuh
e. digantung

f. gumantung
g. digantungi ganjaran
h. nggantung gong
i. nggantung laku


B. Tuladha:

a. Kok ora ..... mau matur, yah ene arep golek obat nyang ngendi.
b. Kok ora awan-awan mau matur, yah ene arep golek obat nyang ngendi.

Ceceg-ceceg iki isenana tembung dwilingga sing cumawis ing ngisor, pilihen sing cocog!

  1. Raimu kok ..... apa mentas saka panasan?
  2. Aja ..... ana kono, ngrigon-ngrigoni wong nyambut gawe.
  3. Anake isih ..... wis ditinggal mati bapake.
    58