Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

2. Godhong dhuwet didheplok, dipéres, dicam-

puri uyah, diombe kena kanggo tamba lara

ising-isingen.

3. Duduh degan kambil ijo dicolok uyah, di-

ombe kena kanggo tamba lara adhem panas.

4, Tlutuh kates kena kanggo tamba kulit keslo-

mot ing geni.

5. Kembang bisa kanggo nawarke wong di-

entup kala jengking utawa tawon. Carane,

kembang diremet-remet banjur dioser-osera-

ke perangane awak sing dientup ing tawon

kuwi.


Isih akeh tunggale jamu-jamu tradisional sing

kena kanggo tamba lara utawa kanggo njaga kuwa-

rasaning awak.

B. Wangsulana kang patitis nganggo basa krama!

1. Kunir apu kena kanggo tamba lara apa?

2. Godhong dhuwet kanggo tamba apa?

3. Duduh degan kambil ijo kanggo tamba apa?

4. Tlutuh kates kena. kanggo apa? Piye carane nam-

bakake?

5. Piye carane nambani uwong dientup tawon

nganggo kekembangan?


III. Kawruh basa

A. Tuladha:

a. Prakara mari lan ora iku ..... ana ing kersane

Sing Maha Kuwasa.

b. Prakara mari lan ora iku gumantung ana ing ker-

sane Sing Maha Kuwasa.

57