Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen batin!

Jamu Jawa

 Ing jaman maju iki, ing ngendi-endi wis ana dhokter. Mula, lara apa bae wis ana sing nambani lan ana tambane. Prakara mari lan ora iku gumantung ana ing keparenge Sing Maha Kuwasa.

 Kala mangsane ana uwong sing wedi utawa ora tawar obat-obatan gawean pabrik. Yen wedi lunga, diterake dadi wani. Bareng wedi ing bab obat, dikancanana ya tetep ora wani.
Wong-wong mau umume banjur padha nggathok marang jamu Jawa, utawa katelahe diarani jamu tradisional.

Jamu-jamu tradisional kuwi upamane:

  1. Kunir apu dicampuri uyah sethithik, diombe bisa kanggo tamba weteng mules.

56